MESIN TIK TUA IKU... (Jayabaya, Edisi 48, Juli 2013)

09.30 Impian Nopitasari 1 Comments


Wis sak mesthine yen atiku nggrantes, rasane pengen mbrebes mili yen nyawang barang ing ruangan kerja swargi bapak iku. Barang iku wis ngancani  ing selawase gesange bapak. Kaya-kaya aku isih krungu unine saben bengi. Cetak-cetek cetak-cetek. Tansah ngangeni. Ah bapak, aku kangen sliramu.
Tak pandengi mesin tik tua iku. Saiki pancen wis ora dienggo, disimpen ing njero lemari kaca. Isih kerawat apik dening ibu. Sanajan mbiyen ibu asring nesu karo bapak bab mesin ketik iki. Bapak pancen penulis dadi wektu kanggo keluarga prasasat ora ana. Saben dina mung cetak-cetek karo mesin ketike wae. Bab iki ndadekake ibu cemburu, ora among iku. Ibu asring nggresula yen pangasilane bapak ora bisa nyukupi kebutuhan keluarga. Mula ibu melu ngubet golek dhuwit supaya kendhil ora nggoling.
“Durung turu to ngger?,” swara ibu ngageti aku.
“Hemm..dereng bu, dereng ngantuk. Lha ibu kok dereng sare?,” aku bali takon.
“Kangen bapakmu, gak krasa ya, wis sepuluh tahun bapakmu lunga. Ora ninggalke apa-apa, kajaba mesin tik iki,”
“Donga mawon bu supados bapak seneng ing mrika. Bapak mboten ninggalake bandha donya bu, ananging buku-buku ingkang ditinggalake paring manfaat luwih kagem kula. Niku sampun cekap bu,”
“Kowe kena mergawe apa wae, nanging tak jaluk yen isa aja dadi penulis. Mesakke anak bojo-mu. Mlarat diajak-ajak,”
Aku njenggirat krungu ngendikane ibu.
“Istighfar bu. Ampun kados ngoten. Rejeki sampun dijatah dening Gusti Allah. Mboten mesti yen penulis niku mlarat. Lelakone bapak pancen kedah ngoten iku, mboten dupeh panjenenengane penulis,”
“Sakarepmu lah. Sing baku aku ora pengen uripmu susah kaya bapakmu mbiyen Le, ora ana wong tua pengen nyawang anake susah,”
Aku ora mangsuli ngendikane ibu. Aku emoh yen padu terus kaya ngene. Pancen ibu ora salah yen pengen nyawang aku seneng, nanging carane kurang trep. Aku wis gedhe. Aku isa nemtoke dalan uripku dhewe.
***
“Dadi kapan sampeyan arep nglamar aku Mas? Awake dhewe wis suwe runtang-runtung mrana-mrene. Wis akeh sing ngerti yen kita iki nduwe sesambungan. Ora kepenak aku yen ora cepet-cepet diresmike. Bapak Ibu wis bola-bali nakonke bab iki,”
Ningrum. Kenya sing wis rong taun iki ngisi atiku, dina iki praupane nandang sungkawa. Aku bingung kudu ngapa.
“Aku mesti serius karo kowe Rum, tapi bab kapan arep nglamar, aku durung isa mesthekke. Gawanku durung cukup kanggo ngadhep bapak ibumu. Urip bebrayan iku ora cukup amung ngandhalake katresnan. Saiki aku lagi ngupadi nggolek bab liya iku,” suaraku tak tegas-tegaske senajan aku ora tega.
“Wis bola-bali sampeyan ngomong ngono karo aku Mas. Aku wong wedok bisane mung ngenteni. Setahun rong taun ra masalah. Tapi aku ora isa suwe-suwe Mas. Yen sampeyan ora cepet-cepet nglamar aku. Wis bisa dipesthekke yen aku bakal nerima lamaran priya sing dipilihke wong tuaku,” suarane Ningrum semu serak, dheweke nangis.
Aku kaya disamber bledheg, sanajan iki ora udan. Aku wong lanang kaya ora nduwe aji. Ora bisa merjuangke katresnanku.
“Rum, aku tresna kowe Rum, aja kaya ngono sliramu. Entenana, aku bakal ngupadi luwih kanggo nglamar kowe. Percaya-a aku,” sanajan aku ngomong ngono, tapi sejatine aku ragu dhewe karo omonganku.
Ningrum ngeculke genggeman tanganku, sajak ora percaya.
“Mas Hardi, aku tetep puguh karo omonganku, yen sampeyan ora ceepet nglamar aku, aku bakalan nrima lamaran saka priya liya. Aku ora bisa nolak pepinginan bapak ibu Mas. Senajan aku sejatine isih tresna sampeyan,”
Kenya ayu iku ngadoh saka aku. Isih mbrebes mili. Dhuh Gusti kenapa kaya ngene lelakonku.
Aku pancen ora tipe “pria idaman” kanggo umume wanita. Duitku ora akeh. Uripku biasa-biasa wae. Gaweanku wartawan lan penulis sing gajine ora sepira. Iku wae kudu tak dum kanggo ibu lan biaya sekolah adi-adiku. Aku pancen anak mbarep sing kudu tanggung jawab nggenteni bapak sing wis kapundhut dening Gusti. Dadi wajar yen aku ora bisa nyenengke pacarku yen bab materi bandha.
Ibu tekan seprene isih ora seneng karo gaweanku. Pengene ibu ya aku iki dadi PNS. Gaji tetep entuk pensiunan. Tapi aku marisi jiwane bapak sing seneng nulis, kawit cilik aku wis dibiasake karo mesin tik tua-ne iku. Getih penulis wis njalar ing nadiku. Bapak jarang numbaske aku dolanan utawa barang sing mewah, nanging bapak luwih seneng numbaske aku buku-buku.
“Ngelmu iku ora bakal ilang. Bapak ora sugih, amung ngelmu sing bisa tak warisake kanggo awakmu,” ngono ngendikane bapak ing mangsa sugenge.
Bola-bali aku krungu bapak ibu padu perkara dhuwit. Sajake ibu judheg karo pengasilane bapak sing ora sepira nanging kebutuhan urip sansaya mundhak. Aku ora nyalahke ibu, nanging aku uga ora bisa nyalahke bapak. Kabeh iku wis dadi garising pepesthen.
Saiki aku diadhepake karo lelakon anyar. Apa iya aku bakal kelangan Ningrum amarga ora nduwe cukup dhuwit kanggo nglamar dheweke. Ora mungkin aku ngrepotke ibu, wis cukup rekasane nggedhekke aku lan adhi-adhiku, ora bakal tak tambahi maneh.
***
Mripatku wis kari rong watt, tapi gawean lemburku durung rampung. Bengi iki kudu ngrampungke artikel sing dibebanke ning aku amarga selak dipacak sesuk. Kerja underpresser kebak deadline kaya ngene pancen ora kepenak kanggo samubarang wong, nanging iki wis resiko sing kudu tak lakoni, iki pilihanku.
“Hei Har, kok raimu kaya ditekuk ngono, ana masalah to karo Ningrum?,” aloke Hilal, kancaku wartawan langsung nusuk ing ati. Aku amung mesem kecut.
“Ningrum kon age-age ngalamar dheweke. Padahal aku durung siap secara finansial je,” jawabku lemes.
“Mesakke men uripmu Har. Ya piye maneh, saiki tak kira ora ana wanita sing gelem urip susah. Realistis lah. Sabar ya bro, aku mung bisa ngewangi ndonga, wong aku iki ya padha-padha rekasa je,”
“Suwun ya, ora apa-apa kok. Eh sik ya aku tak nyerahke artikel ning Pak Wawan sek,”
Aku mlaku ing ruangan pimred majalah manggonku kerja. Pak Wawan iki priyayine seumurane bapakku, ngganti sakwetara Pimredku sing lagi gerah. Dadi lagi iki aku tepung panjenengane.
Sakwise ndhodhog lawang lan diakon mlebu, aku lungguh lan nyerahke contoh artikel marang pak Wawan. Bapake sajak marem karo tulisanku.
Hardi Hadiwijaya. Nama anda mengingatkan saya pada teman saya dulu,”
Oh ya Pak? Pasti teman Bapak orang yang hebat seperti bapak,”
Ah tidak juga, dia seorang penulis yang ulet dan idealis di jamannya,”
Bapak saya dulu juga jurnalis. Tapi sekarang sudah meninggal,” aku ketrucut ngomong, malah dadi curhat.
Saya turut berduka. Siapa nama bapak Anda kalau boleh tahu?,”
“Ruslan Hadiwijaya,”
***
Dina iki Pak Wawan kepingin sowan ing nggone kanca rakete mbiyen. Ora liya ya ning omahku. Dadi genahe ngene, bapakku iku mitrane pak Wawan mbiyen nalika isih padha-padha ngasta dadi wartawan. Donya pancen ora jembar.
Pak Wawan lan Ibu sajak kepenak anggone jagongan. Etung-etung nostalgia.
“Dadi si Hardi iku bocah cilik sing gawene ngrewuhi bapake mbiyen, owalah to mbakyu, kok saiki wis dadi jaka bagus kaya ngono,” aku sing diomongke amung bisa mesem ngguyu.
“Iyo Dik Wawan, ora nyana ya yen bisa kepethuk karo jenengan. Mangka tak kira jenengan iki wis ora aktif dadi wartawan,”
“Mung ngganti pemred sing lagi gerah kok mbakyu. Bubar iki ya ora lungguh maneh ing redaksi iku,”
Pak Wawan ngendikan sinambi nyawang ruangan omahku iki. Pancen panjenengane kawit mbiyen ora pernah ngendikan karma inggil karo bapak ibu. Wis raket banget soale.
“Isih kaya mbiyen ya Mbak ruangane Mas Ruslan iki. Apa mesin ketik Brother kelangenan kangmas kae isih?,”
“Oh taksih Pak. Mangga mlebet ing ruanganipun bapak,” aku mbukak ruang kerjane bapak lan nyumanggaake pak Wawan.
Pak Wawan sajak mlebu ing jaman isih timur mbiyen. Sajak pengen nostalgia karo bapak.
“Mesine isih apik. Upama-a adhiku sing kolektor kae mesti wis pengen dituku. Barang antik kaya ngene nggenah payu larang. Nanging aku ngerti, iki barang kenangan. Mesti ya ora bakal didol ya?,”
“Punapa ngoten pak? Upami dipun sade pajeng pinten?,” aku iseng-iseng takon.
“Yen kanggo adhiku rega ora masalah. Mbok dol seket yuta, satus yuta yen dhek’e wis pengen ya bakal dibayar,”
Aku mlongo. Mesin tik kaya ngono iku apa ya tenan isa payu satus yuta? Dhuwit semono isa nggo nglamar Ningrum. Malah turah.
***
Aku nerima cek satus yuta saka pak Nugroho, adhike pak Wawan. Pranyata bener yen mesin tik iku bisa payu satus yuta. Bubar transaksi, Pak Nugroho pamit saka omahku karo nggowo mesin tik tua warisane bapak. Barang iku saiki wis pindah tangan.
Ibu isih nyawang aku. Mbrebes mili. Sanajan mbiyen ibu ora seneng karo pagaweane bapak, tapi ibu isih tresna karo bapak.
“Mung mesin tik kuwi tinggalane bapak ngger. Saiki wis kok dol. Njur ibu kudu kekancan karo sapa maneh?,”
“Ibu piyambak ingkang ngendikan yen mboten remen kula dados penulis, mengke mlarat. Sakniki sampun kaleksanan ta pepinginanipun jenengan? Arta niki langkung saking cukup kagem nglamar Ningrum lan ongkos kuliah adik-adik,” aku mbela awakku dhewe.
“Yo terserah kowe. Nanging yen bapak ora lila, aja salahke ibumu iki,”
Ah, aku bingung ngrasakke ibuku iki. Serba salah.
“Assalamualaikum,” aku dikagetke wong mertamu ing omahku.
“Waalaikumussalam, wonten perlu punapa nggih Mas?,”
Pawongan iku ngelungke kertas. Layang ulem. Wah sapa sing nikahan ya? aku ngucap maturnuwun lan wong iku pamit.
Tak buka layang ulem iku. Isine nggawe jagadku peteng sanalika.
Menikah: Ningrum Hidayah, S.Kom & Daniar Gunawan, S.T.
Dhuh Gusti, apa aku kuwalat karo bapak amarga kewanen ngedol barang kelangenane.? Ningrum, kenapa kowe ora sabar nunggu aku? Tak rewangi nerak wewaler kok kowe tega ninggal aku. Saiki kabeh wis telat. Aku ora entuk apa-apa.
Bapak, Ibu, ngapurana anakmu iki.
***


You Might Also Like

1 komentar: