WIT TALOK NGAREP OMAH (Jayabaya, Edisi 41, Juni 2013)

08.18 Impian Nopitasari 0 Comments


Yen ana sing niat negor wit talok ing ngarep omah iku, aku mesti dadi wong sepisanan sing sarujuk ora nganggo mikir.
Aku jian gumun tenan, gek ngapa wit iku isih dijarke urip kaya ngono. Aku jujur wae ora seneng blas karo barang urip siji iku. Gek ngapa coba, hla wong yen usum uler ngonokae mesti nggenah kebak’e, hii..nggilani. Senajan aku wong lanang nanging aku jan gila karo kewan cilik sing kloket-kloket iku. Durung maneh uwoh-e iku mesti asring digoleki cah cilik-cilik sing penekan ra sopan ngonokae. Nggawe ribut, mbrebeki kuping. Kaya wis ora ana sing dipangan maneh, nggragas golek talok. Woh-e yo ora maregi. Wis mbuh, aku ora paham kok isa padha seneng karo wit siji iku.
                “Pak, ndhek wau dik Fanny putrane Lik Trimo njerit-njerit banjur nangis. Sanjange  wonten memedi ing wit talok ngajeng griya niku,” omongku karo bapak, ngarang crita.
            “Alah, ngayawara kowe Gun. Wit talok ra ana apa-apane ngono mbok arani enek memedi-ne. Kuwi halusinasi sing ndeleng wae. Kakean nonton film horror,” kaya biasane, bapak ora percaya karo omonganku.
            “Saestu pak. Lare alit kan biasane mboten goroh. Ditebang mawon pak, supados mboten dados rerasan tangga tepalih,” aku isih puguh karo penemuku.
            “Gek ya sapa sing kober nyatur wit talok to Gun. Alah padune kowe ki ora seneng karo wit talok iku, rasah ngarang crita, gek ndang dibarke skripsimu kae,”
            “Iyo kuwi Mas Gun, wit talok apik-apik ra nduwe dosa ngono diaru-aru. Eh Mas, woh talok kuwi akeh manfaate, tur nek arep mbok tebang kok ya tega temen, marakke global warming,” Puitri, adhiku melu-melu mbela bapak, kojur iki aku. Kalah suara.
            “Alah, sok ngerti kowe ki, kan senenganmu pethengkrek’an kaya kethek ogleng ning wit talok kuwi, cah wedok kok kaya ngono,”
            “Sak-sak ku no, timbang kowe mas, wong lanang kok wedi uler, weekk..,” ujare Puitri karo meleti aku.
            “Kurang ajar, rene tak jiwit,” gage-gage aku ngejak adhiku kuwi, tak jiwit nganti jerat-jerit kelaran.
            “Ealahh.. iki gek dha ngapa. Wis bubar-bubar. Wis Gerang kok kelakuane isih kaya cah cilik,”
            Saiki gentian aku karo Puitri sing dadi sasarane ibuk. Cepet-cepet mlayu yen ra gelem kena sabetane ibuk. Ngeri cah.
***
            Kaya biasane aku mesti lungguh kene, ing kamarku cedhak jendhela. Suasanane kepenak. Luwih kepenak maneh upama ora ana wit talok sing merusak pemandangan kuwi. Aku luwih sarujuk yen wit talok iku diganti dadi wit ringin wae. Ben diarani wingit ya ra apa. Malah penak, ora bakal ana cah cilik-cilik sing usreg golek woh-e kaya woh talok.
            Atiku mak dheg, tak kucek-kucek mripatku, dumadakan ana sinawangan endah sing durung nate tak weruhi selawase urip ing desa iki. Ujug-ujug ning ngisor wit talokku sing tak gethingi kuwi ana kenya ayu sing lagi nggothek talok, sajake ngewangi cah cilik-cilik rusuh kuwi. Apa aku ora salah? Gek sapa kuwi ya? Widodari kok nyasar ning ngisor wit talok.
            Tak sawang-sawang kenya ayu kuwi. Blegere dhuwur, kuning langset, rambute dawa ireng diore, irunge mancung. Yuh… yuh.. Agnes Monica wae lewat. Saya suwe deweke ngerti yen tak sawang ket mau. Aku pekewuh dhewe, mesem kecut, isin. Sajake dhekne ya padha isin. Ah aku dadi salah tingkah. Sidane aku metu kamar marani cewek ayu iku.
            “Ngapunten Mas, sampun kewanen nggothek talok niku. Mboten ngertos yen wit niku nggene jenengan,” ujare semu wedi.
            “Eh ora papa dhik, rausah basa. Mangga wae, wong gur talok kok. Pancen iki dijarke ben cah cilik-cilik iku bebas njupuki,” omongku, ngapusi banget. Cah cilik-cilik iku padha malih raine, sebel ketone, banjur lunga. Lha aku bacut dikenal mas-mas sing galak, ora seneng karo bocah-bocah sing dolanan ning ngisor wit talok. Padahal wong tuaku, Pak Han karo Bu Sani dikenal priyayi sing sumeh.
            “E.. awakmu iki ora wong kene to dhik? Tepungana, jenengku Gunawan,” ujarku samba ngelungke tangan.
            “Yessi, aku ponakane Pak Wijang Mas, asliku Semarang. lagi liburan semesteran. Dadi dolan rene,”
            “Oalah, seneng karo talok to kok sajake semangat tenan ket mau,”
            “Oh yo jelas Mas. Talok kuwi akeh paedahe. Tur meneh aku lagi nyusun PKM bab es krim talok, budidaya talok lan peluang ndadekake iku usaha sing mapan. Dadi ya sekalian observasi. Gek rasane enak banget, upama dijus kayake luwih ya. Tapi gek pirang talok sing kudu dikumpulke. Hehe,”
            Krungu kaya ngono iku, aku nduwe ide kepriye bisa luwih cedhak karo dheweke.
            “Eh, sesuk awakmu lak ra ana acara ta? Piye yen aku dolan nggone Pak Wijang? Tak gawakke kejutan pokoe,”
            “Ora usah Mas, ngrepotke. Yen oleh aku sing rene wae. Aku betah kok ning ngisor wit talok iki timbang ning daleme Pakdhe, bosen”
            “Yaw is, sesuk jam semene mara rene maneh ya.”
            Cewek ayu iku lunga pamit. Ninggalake aku sing isih kebak pitakonan.
***
            Saiki aku nduwe kesibukan anyar. Pethengkrekan golek woh talok. Ceritane wit talokku iki luwih saka siji, ana limang wit, wohe lumayan akeh, dadi ya wajar yen dienggo inceran bocah-bocah cilik. Aku ya gumun kok, sajake wohe iki ra ana entek’e senajan digothek saben dina. Wong tuaku lan adhiku mung gedheg-gedheg nyawang polahku sing ra kaya biasane. Anomali, jare adhiku.
            Akhire aku sukses entuk sak plastik kilonan wit talok. Perjuangan tenan, saka sing dikroyok semut nganti uler. Haduh, demikian.. eh maksudku demi Yessi. Apa wae bakal tak lakone supaya isa ngejus talok.
            “Taraa..this is it, jus talok ngarep omah a-la chef Gunawan Quint. Hehe,”
            “Ya Alloh, tenanan iki mas? Jus talok? Terharu aku. Gek pirang talok kuwi,” aloke Yessi gumun.
            “Kanggo sliramu, apa wae bakal tak lakoni diajeng,”
            “Alah prêt, gombal. Mending gek ndang diombe jus-e, ayo mas,”
            Yessi marem atine. Puas karo jus gaweanku. Rasane aku seneng banget isa tepungan karo Yessi. Bocahe grapyak sumanak ora anggak. Lagi ngerti aku tibakne dekne iki calon mawapres, mula ora gumun yen omongane raketang ngalor ngidul tapi kebak ilmu. Calon mawapres sing nganggo talok kanggo objek PKM-e. Aku kudu maturnuwun lan njaluk ngapura marang  Gusti sing wis nggawe wit talok sing mbiyen tak gething banget iku.
***
            Yessi wis bali ing Semarang, nanging sesambunganku karo dheweke ora kandheg saknalika. Wis jaman internet bung, aku asring chattingan karo dheweke. Kabar sing tak trima nambah rasa senengku. PKM-e dhekne oleh juara 3, ateges saiki Yessi dinobatke dadi mawapres nomer 3. Raketang ora nomer siji, tapi ora papa. Sing penting aku ngerti saiki yen talok iku ora bisa disepeleake. Hehe.
            Wetengku ngelih, tak pateni laptopku. Wis wayahe mangan bareng karo keluargaku. Ibuku masak enak, sajake.
            “Iki dha ngomong apa to, kok seru banget Put?,” takonku marang adhiku samba nyuwil bakwane. Raine mrengut. Aku pancen jahil.
            “Iku lho, bener omonganmu Gun, jarene si Fanny kae kerep ngerti memedi ning talok ngarep omah kae, mau aku nduwe panemu yen becike wit talok kae ditebang wae,”
            Aku njenggirat.
            “Pak..Ampun ditebaanngggggg…,”
            “Lha ngapa mas? Lah bukane kowe ki seneng banget yen wit talok kuwi ditebang?,” takone Puitri karo mangan bakwan.
            “E..Anu Put, aja ditebang ya, marakke global warming,”
            Puitri watuk, bakwane nyembur ning raiku.
***



You Might Also Like

0 komentar: