CEWEK BONSAI, Kapacak ing Majalah Panjebar Semangat Edisi 2. 26 Januari 2013

09.28 Impian Nopitasari 0 Comments


Kenya ayu iku kerep katon dhewekan. Praupane tansah nandang sungkawa.
Wis pirang-pirang dina iki aku digawe penasaran karo kenya ayu sing tak temoni saben mulih kuliah. Sakjane ora ketemu adhep-adhepan utawa mak sliwer ing panggonan rame. Ora kaya iku. Yen entuk milih, aku kepengin ketemu dheweke ing swasana sing kepenak lan nyenengake. Upama-a ora sengaja tabrakan, terus aku njupuki barang-barange sing tiba, njaluk ngapura, basa-basi, kenalan, akrab, terus dadian. Ah yen bagian iki tangeh nganggo lamun. Sinetron banget.
Kenya ayu iku praupane pucet lan nandang dhuhkita. Yen tak umpamake kaya kulkas mlaku. Anyep, ora nduwe daya sumringah. Jan-jane apa ta sing kok galih cah ayu? Upama gelem mesem lak ya tambah ayu. Aku gelem ngrungokke apa wae sing pengen kok critake, yen iku bisa ngurangi bebanmu. Ah aku iki sapa kanggomu wae ora jelas.
Aku ngerti dheweke saben aku mulih kuliah. Aku mangkat mulih kuliah pancen ora nganggo kendaraan alias mlaku, dadine aku bisa namatke apa wae ing samping kiwo tengenku. Tapi saka kabeh sing tak tamatke, aku tetep penasaran karo omah tingkat cat putih sing lantai loro-ne akeh wit bonsai. Ya ning kono iku aku kerep mangerteni kenya ayu sing tansah lungguh sajak sedih, aurane suwung banget.
Ing sawijining dina, aku sengaja mandheg ing ngarep omah gedhong iku ben isa suwe nyawang cewek misterius iku. Jebul tenan, saben sore ngeneki dheweke mesti lungguh ing balkon lantai loro karo bonsai-bonsai-ne. kaya-kaya dheweke ora nduwe kanca sakliyane bonsa-bonsai iku. Ora krasa aku wis suwe ngadeg nyawang dheweke. Nganti aku ora sadar yen dheweke gentian nyawang aku. Ah aku dadi salah tingkah, gage-gage aku nerusake laku karo semu isin.
***
“Nik, lagi nglukis apa? Wah nglukis cewek cah, sajake iku cewekmu yo Nik?,” Yudhi, kancaku kost ujug-ujug ngageti, mbuyarke konsentrasi wae.
“Ah, ora kok, gur iseng wae corat-coret Yud, apik ra?,” takokku marang dheweke.
“Ayu, tapi ketok suwung, sajake lagi nandang branta ya?,”
Aku ora nggagas omongane Yudhi sak banjure. Embuh bisikan saka endi, ujug-ujug aku nduwe rencana kenalan karo cewek bonsai iku. Wis suwe ngerti blegere mosok durung ngerti jenenge. Tapi kepriye carane kenalan ya? aku durung nduwe bayangan blas.
Sore iku sidane aku nekat pengen kenalan karo cewek bonsai iku. Untung aku iki cowok, cah lanang, dadi ya ora papa ta yen aku ngajak kenalan disik. Sawetara 15 menitan aku nyawang dheweke, akhire aku wani “ say hello” karo cewek iku. Cewek iku mesem, lah tenan ta, ayune sansaya katon.
“Aku Niko,” bengokku saka ngisor.
“Endah,”
Endah, jenenge nggambarake sing nduwe. Wis cukup kanggo dina iki. Sesuk aku mrene maneh. Endah, entenana tekaku ya.
***
Lukisan iki tak bungkus rapi, lukisan kenya ayu sing nduwe jeneng Endah, si cewek bonsai. Rencanaku arep mampir maneh, menehke lukisane iki. Mesti seneng banget dheweke. Sisan kenalan luwih adoh, sapa ngerti isa ngerti crita bab dheweke nandang sungkawa kerana apa.
Aku wis tekan omahe Endah. Nanging saiba gumunku, wong sing tak goleki ora ana. Biasane jam semene si Endah bakal lungguh-lungguh ngalamun sing balkon kebak bonsai iku. Apa wonge lara? Apa lunga? Tapi sak ngertiku kenya siji iki ora pernah absen lungguh ing balkon iku saben sore.
Daripada penasaran, aku nyoba mertamu. Aku uluk salam lan gedhogi gerbange sing lumayan dhuwur iku. Tapi ora ana sing nyauri. Apa omah iki lagi suwung ya? pikirku.
“Mas, madosi sinten?,” aku kaget, ana wong nakoki aku.
“Hmm.. Endah Pak, kenya ayu ingkang saben dinten lenggah ing balkon nginggil niku,”
Bapake katon bingung. Aku apa maneh. Wong aku iki lagi anyaran ning kene kok.
“Wah Mas, griya niki sampun dangu dikosongke. Mbak Endah niku larene pak Branta ingkang seda bunuh diri, sengaja dhawah saking balkon niku. Saklajengipun sadaya keluarga pak Branta pindah saking mriki amargi mboten kuwat nandang dhuhkita,”
Jagadku peteng saknalika.
***

You Might Also Like

0 komentar: