LELAKON URIPE PRI (SOLOPOS, 9 JANUARI 2014)

06.24 Impian Nopitasari 0 Comments

Pri lagi wae mulih anggone kerja, awake kesel banget. Kerja minangka kuli angkut pancen nggawe awak remuk, nanging pengasilane ora mingsra. Tekan omah pengene disuguhi eseme bojone, sukur-sukur dicepaki wedang lan dipijeti. Ora ketang mung iku nanging wis bisa marai awak marem. Nanging bab kaya ngono sasat ora nate dialami dening Pri, aja kok dipijeti, disuguhi ulat padhang bojone wae ora tau. Anane mung nesu-nesu wae.
“Ora ana dhuwit nggo tuku kopi, nggo nempur beras wae megap-megap. Rega kabeh mundhak, anak sansaya gedhe, mbutuhke wragad. Nduwe bojo ora bisa dijagakke pengasilane,” Lastri ngomel-ngomel karepe dhewe.
“Wong mbok aja nesu-nesu wae ta, apa aku iki ora tau nggolekke pangan, tak rewangi dadi buruh angkut, kesel-kesel tekan omah isih wae mbok semprot, lek mu kebangeten kuwi lho Las,” Pri kebrongot, dhasare hawane ya kesel dadi kudu nesu.
“Buruh angkut ki asile sepira? Yen aku ora ngewangi dadi buruh umbah-umbah paling ya kendhil wis nggoling. Mbok kana lunga golek dhuwit sing luwih gedhe. Wong lanang kok ora trangkas blas,” omongane Lastri sansaya sengak.
“Mbok kira gampang apa urip ning paran? Durung mesti isa entuk dhuwit gedhe, apa isih kurang lek ku nyambut gawe sasuwene iki? Lak ya ora nganti ora mangan ta? Kowe ki dadi wong ora tau bersukur,” Pri emoh kalah.
“Ya wis, nek ngono aku sing lunga wae yen sampeyan ora gelem,” panantange Lastri.
“Sakarepmu,” bengoke Pri karo metu saka omah. Luwih penak cangkruk nang wedangan tinimbang diamuk bojo wae.
***
Satekane ing wedangan, Pri dadi bahan olok-olok wong-wong sing padha cangkruk ing kono.
“Ngapa Pri? Diamuk mbok wedok maneh?” aloke Saptono karo mangan sate keyong.
“Mesakke men uripmu Pri, wong lanang kok korban KDRT,” imbuhe Darmo, bakul wedangan. Dheweke wis jeleh krungu tang-teng-tang-teng krompyang, Lastri mbalang apa wae kang dicekel.
“Kandhani kok lik, aku ki pancen korban KDRT, ning ora ana sing percaya, mergane korban KDRT biasane wong wedok,” Pri nguntabake uneg-unege marang kanca-kancane.
Ing wedangan, Pri bisa nglalekake lelakone raketang sedhela. Jan-jane ya luwih seneng ngudharasa karo bojone dhewe sambi ngombe wedang ing omah, ning kuwi tangeh nganggo lamun. Piye maneh, kahanan ora sarujuk karo kekarepan. Pri ngerti, ora apik ngumbar wewadi bale somahe , nanging dheweke bingung arep cerita karo sapa. Tinimbang sumpeg, luwung ngomong ngalor ngidul sambi gegojegan. Tur ya wis akeh sing weruh yen anggone omah-omah wis ora sehat maneh. Saben padu, Lastri mbengoke sora banget, kathik karo nguncalke barang-barang sakarepe dhewe, kepriya tanggane ora krungu. Pri mung bisa nyoba sabar, amarga mbiyen le omah-omah karo Lastri ya pilihane dhewe, ora merga dipaksa dening wong tua. Lastri, kembang desa kang lugu lan alus bebudhene saiki kok malik grembyang. Pancen cupete kahanan ekonomi bisa ndadekake wong kalap. Ah, apa aku ki salah pilih, batine Pri.
***
“Kang, aku titip Abed, aku lunga menyang Hong Kong sasi ngarep,”
Pri njomblak, kaya krungu bledheg ing wayah terang. Ora ngiro sing wadon bakal nekad kaya ngono. Wing-wingi dheweke amung nggertak. Kok ya nggawe keputusan sakarepe dhewe, ora njaluk pertimbangan dheweke minangka kepala rumah tangga.
“Apa? Kowe ngomong apa, Las?”
“Aku arep lunga dadi TKW. Mbak Ri, anake budhe nawani aku kerja nang kana. Kabeh wis diurusi dhekne, aku mung kari mangkat,” jlentrehe Lastri, entheng banget.
“Kowe nindakke kuwi karo sesidheman ngono? Ora njaluk pertimbanganku sik? Aku ki apa ra mbok anggep maneh? Aku iki bojomu, kepala rumah tangga,” Pri kecandhak atine, rumangsa ora dianggep maneh.
“Yen aku ngomong karo sampeyan, mesti ora bakal mbok setujoni, Kang. Aku ora betah urip nyenen-kemis kaya ngene terus. Yen pancen kepala rumah tangga ora isa dijagakke, ngapa aku kudu njagakke? Luwung aku lunga golek upa dhewe. Ra sah sumelang, aku ora bakal lali kirim dhuwit kanggo sampeyan lan Abed,”
“Yen pancen awakmu puguh pengen kerja, apa ya ra nang Indonesia wae, ora usah adoh-adoh ngono Las, mesakke anakmu,”
“Luwih mesakke maneh yen anakmu kuwi ora mangan, Kang. Wis aku aja mbok penging maneh, tekadku wis manteb pengen golek dhuwit gedhe,”
Pri ora bisa kumecap maneh, arep mbantah, dheweke ora bisa. Rumangsa salah. Nanging ya apa kudu terus njupuk keputusan sak geleme dhewe? Lastri.. Lastri.. pancen nggawe jibleg ing pikir.
***
“Bapak, ibu teng pundi?” takone Abed marang Pri, nalika weruh kancane diboncengke ibuke.
Krungu pitakone anak lanange sing umur limang taun iku, Pri kranta-ranta. Atine kaya diiris-iris. Melas.
“Ibu nggolek dhuwit Le,” wangsulane Pri, lirih.
“Kok mboten wangsul-wangsul? Abed kangen ibu,” ngomong kaya ngono karo rada mbrabak, pengen nangis.
Pri ngekep anake, direh-reh supaya meneng. Sak angel-angele ngereh-reh anake, isih luwih angel ngereh-reh atine dhewe. Pri nangis, senajan ora metu luhe, nangis ing njero batin, ora mental nyawang kahanane anake.
Wis rong taun iki Pri ditinggal bojone ing paran. Mbiyen janjine mung setahun tok nang kana. Nanging mbuh kenapa dumadakan dheweke ngabari yen kontrake diperpanjang. Mbiyen bojone iku isih asring aweh kabar, nakonke Abed, anake. Rutin kirim dhuwit, pokoe yen masalah finansial ora tau kurang. Senajan kiriman dhuwit bojone bisa kanggo ndandani omah lan ongkos mlebu TK ne Abed, nanging tetep ana sing kurang. Bocah seumuran Abed kudune isih entuk kawigaten saka simboke. Nanging kuwi ora dinduweni Abed, amarga kawit cilik wis ditinggal simboke. Saiki, Lastri wis ora tau aweh kabar maneh, ora tau kirim dhuwit, lost contact, kaya ilang diuntal bumi. Ditakonke marang keluwargane ya padha ora mudheng.
Kanggone Pri, wis ora penting maneh Lastri isih kelingan dheweke apa ora, isih gelem karo dheweke apa ora. Ora penting. Sing dadi pikirane Pri amung anak lanange siji kuwi. Jan-jane dheweke ora betah saben ndina ditekoni anake ing endi simboke. Bocah sing isih polos kasebut mung pengen pethuk simboke, ora ngerti kahanan urip sing sabenere.
“Dhuh Gusti, paringana pituduh ing endi dumununge Lastri, mesakke lare kula Gusti,” tangise Pri sabubare sholat.
***
Amarga nyambutgawene tumemen, Pri oleh kapercayan dening Kaji Rusman, bose Pri, ngopeni kios buahe. Dadi awake saiki wis ora nguli maneh. Tur ya wis bisa kredhit motor. Panguripane wis lumayan. Ora nyenen-kemis maneh kaya sing mbiyen diomongke Lastri. Jan-jane Pri wis bisa nyenengke Lastri, upama Lastri gelem mulih.
Lagi wae sibuk ngladeni pembeli, dumadakan Pri dikagetke karo sawijining wong sing mbengok karo mlayu gopoh-gopoh.
“Kang.. Kang Pri.. bojomu bali,” ngono bengoke Jumadi, anake paklik-e sing manggone tunggal gedheg karo omahe.
“Ana apa Jum? Kene kene ambegan sik, kowe omong apa mau?”
“Bojomu bali kang..,”
“Bojoku? Lastri? Tenanan kowe? Bed.. Abed.. ibumu bali, Le,” Pri ora bisa ndhelikke rasa senenge. Abed kang mbeneri melu bapake dodolan amarga libur sekolah melu seneng krungu kabar kaya ngono.
“Iya kang.. Yu Lastri bali…”
“Alhamdulillah Gusti, ayo Jum bali, Sir Basir.. tungganana kiose sik ya, aku tak bali,” Pri ora sranta selak kepengen mulih. Kiose dititipke kanca sebelahe.
“Eh sik kang…” Jumadi bingung anggone pengen cerita.
“Ana apa maneh? Ayo mulih tak boncengke,” perintahe Pri samba nyetater motor.
Tenan, tekan omah wis ana mobil diparkir ing ngarep omahe Pri. Pri ora maelu, dheweke langsung mlebu omah nggoleki Lastri.
“Lastri…,” bengoke Pri kanthi swara kang banter. Ing omahe wis ana wong wedok sing dandanane lumayan high class lan kanthi praupan beda, nanging isih bisa disetiteni yen iku pancen Lastri. Abed kang weruh ibuke, senajan pangling, langsung mlayu ngekep simboke karo nangis, kangene bocah iku pancen wis tekan mbun-mbunan.
Yen Abed langsung mlayu ngekep simboke, ora ngono kanggone Pri. Ing ndalan mau pancen Pri pengen nindakake kaya sing dilakoni Abed, nanging kuwi wurung, amarga Lastri ora mulih dhewekan. Ing sandhinge ana priya mawa mripat kalup lan kulit kuning. Yen gelem nyetiteke maneh, badhane Lastri uga beda. Ana nyawa kang urip ing wetenge Lastri. Pri wis bisa nggraita.
“Ibu.. ampun tindak malih, Abed kangen ibu..” kekepane Abed dikencengi maneh. Kudune minangka simbok, Lastri mbales ngekep. Nanging ora kaya ngono kedadeane. Lastri ngeculke Abed. Abed bingung.
“Ibu.. ibu.. lak mboten tindak malih to?” takone Abed marang Lastri, polos.
Lastri ora wangsulan. Malah dheweke ngomong karo Pri.
“Kang Pri, aku ora usah ngomong, mesthine sampeyan wis bisa ngira. Tekaku mrene iki mau pengen njaluk pegat. Aku butuh surat resmi pegatan. Amarga aku arep urip nang Hong Kong melu Koh Ahong. Dheweke sing bisa nggawe aku seneng sasuwene iki. Tak jaluk lilamu, aja ngarepke aku maneh,”
Emosine Pri ora bisa kebendhung maneh. Yen mung ditinggal lunga suwe awake isih trima, nanging yen diidak-idak harga dirine kaya ngene, dheweke ora trima. Dheweke mbengok seru banget.
“Pikiranmu mbok deleh ngendi Las? Olehmu kegiwang mripat kalup kok bangeten men. Aku wis biasa mbok idak-idak kawit mbiyen. Aku trima terus Las, aku trimaaaa. Pancen aku ki ora bisa nyenengke kowe, aku iki wong kere, Las. Kere.. sing ora ana ajine tinimbang klaras. Ora papa yen aku mbok tinggal minggat, ning apa kowe wis ora nduwe ati ninggal anakmu sing saben ndina nakonke nang endi simboke? Tega kowe Las? Mbok modhel apa kowe ki?”
Lastri ora wangsulan. Koh Ahong ing sandhinge amung bisa plonga-plongo, ora mudheng padha ngomong apa kok nganti nesu-nesu.
“Lastri, dina iki, kowe tak pegat! Saiki kowe wis ora bojoku, minggata kana nang Hong Kong, seneng-senenga. Aku isih nduwe Gusti sing paring piwales marang kowe,”
Lastri metu saka omah karo nggeret tangane demenane. Abed sing mau arep nututi simboke karo nangis. Dipenging bapake, bocah iku diruket kenceng.
“Ibu… ampun tindak malih.. Abed kangeenn,” bengoke Abed, ngiris ati.
Pri amung bisa meneng. Nyoba tatag ngadhepi kahanan kaya ngene. Pancen iki lelakon urip sing kudu diadhepi. Garising pepesthen sing ora bisa diselaki.

***

0 komentar: