DONGENGE PITIK KARO BEBEK (Kapacak ing Majalah PS 11 Mei 2013)

05.44 Impian Nopitasari 0 Comments


Dina iki dadi dina sing paling nyenengake kanggone si Blorok, amarga endhog-e siji mbaka siji padha netes. Si kuthuk kang lagi netes padha piyep-piyep nggoleki simbok’e. Kanthi rasa asih si Blorok ngarasi anak’e siji-siji.
Limang endhog wis netes, kari siji sing durung. Si Blorok setya ngenteni netese sinambi ngekep anak-anak’e liyane. Ning njero ati si Blorok mbatin, kok endhog’e sing siji durung netes, aja-aja kopyor alias ora dadi.
Ora let suwe saka pangirane si Blorok, endhog’e sing paling pungkasan iku netes. Kabeh padha nyekseni metune si “kuthuk” iku. Mak jleb, lha kok praupane beda, ora mung ulese kang beda karo anak-anak’e liyane, nanging bentuk awake uga beda, luwih gedhe saka liyane. Si “kuthuk” iku tetep nggoleki simboke, sanajan ora piyep-piyep kaya sedulure liyane.
“Mbok, kok dhewek’e beda karo wake dhewe? Rupane ala kaya ngono?,” celuluke salah sijine kuthuk.
“Iya Mbok, gek-gek ora anake simbok, aku wegah seduluran karo dheweke, aku isin, rupane elek,” kancane siji nimpali.
Blorok kang ora tega nyawang anak’e kang beda dhewe iku rumangsa keranta-ranta.
“Ayo, mrenea cah bagus anake simbok, aja ning kono wae, mundhak kanyepen,”
Si Blorok kang ora mbedakake kabeh anak’e narima si aneh kasebut. Kabeh padha golek anget ing suwalike suwiwine si Blorok, amarga dina iku pancen rampung udan.
***
Awan iki si Blorok ngajak saba anak-anak’e adoh saka kandhang. Kabeh padha dolanan samba guyon. Si Blorok bungah atine ngerti anak-anake wis padha bisa gegojegan. Ora lali diwelingke supaya ora lali mangan.
Nanging ana sesawangan kang nggawe Blorok kebak pitakonan, si Ala sajak nandang sungkawa. Dheweke ora melu dolanan karo sedulure liyane.
“Kena ngapa ta anake simbok sing bagus iki kok praupane anclum wae?,” pitakone Blorok kebak rasa tresna.
“Aku ora oleh dolanan karo sedulur kabeh, jarene aku ala, gedhe tur medeni,” wangsulane si Ala karo mbrabak.
“Wis ora usah kok lebokke ati, pancen panemu kabeh wong iku beda-beda, sing penting kita kabeh kudu nglakoni bab sing becik, ati becik iku luwih wigati tinimbang rupa,”
Krungu wejangane simboke si Ala ora sedhih maneh. Dheweke mlayu nyoba pengen melu dolanan karo liya-liyane.
Durung nganti melu dolanan, dumadakan ana swara njaluk tulung kang nggawe giris. Tibake ana salah siji anake Blorok kang kejegur blumbang. Kabeh padha ora wani nulungi kerana wedi kejegur dhewe. Blorok kang bingung ngupadi anake supaya bisa selamet amung bisa nangis gira-gira.
Ngerti sedulure ana ing bebaya, si Ala langsung njegur blumbang. Dheweke cancut taliwanda nulungi sedulure kuwi, ora mikirke bakal selamet apa ora. Dheweke kelingan welingane simboke yen urip iku kudu tansah ngelakoni kabecikan, rupa bagus utawa ala ora dadi ngapa.
Wusanane si kuthuk kang kecemplung kuwi bisa diselametke dening si Ala. Kabeh padha tetangisan seneng.
“Lho, kok si Ala bisa nglangi?” ujare salah sijining kuthuk.
Kabeh padha nggatekke si Ala kang ciblang-cibluk sajak penak anggone dolanan banyu. Gumun.
Sanajan isih gumun, nanging Blorok gagenan aweh wejangan marang anak’e kabeh.
“Dina iki bisa disekseni, dulure kowe kabeh kang kok celuk si Ala kuwi rampung nandhangi kabecikan pindha satriya. Saiki kabeh padha matur nuwun, aja mbedak-mbedakke maneh. Kabeh iki dulure dhewe,”
Krungu ngendikane simboke, kabeh kuthuk padha sadhar yen sasuwene iki padha nglakoni bab kang salah, kabeh padha njaluk ngapura lan ngucapke matur nuwun marang kadange kang mbiyene diceluk si Ala iku.
Si Ala kang seneng banget krungu pangucapke sedulur-sedulure iku langsung munggah ning ndharatan. Dheweke ngekep simbok lan dulur-dulure. Kabeh padha kekepan kebak rasa tresna asih, ora ana sing dibedhakke maneh.
Nganti sakiki si Ala ora paham kena apa dheweke bisa nglangi nanging simbok lan sedulure ora bisa. Ya mesthi wae dheweke bisa nglangi, wong sejatine dheweke iku dudu anak pitik, ananging anak bebek!
***

You Might Also Like

0 komentar: