KADHO SPESIAL. Kapacak ing Majalah Jayabaya Edisi 23. 1 Februari 2013

09.10 Impian Nopitasari 0 Comments



Bekti marang wong tua iku lak kewajibane anak to? Iya, tak kira kowe kabeh yo ngerti perkara iku. Ning, yen bekti kuwi kanggo perkara sing ora pati becik kepriye? Lak yo harak ta. Yuh bingung ra nek ngeneki ceritane. Kaya ceritaku iki, ya jan-jane sih ora perkara sing gawat banget, tapi kanggoku iki lumayan penting.
Ngene hlo, aku kuwi wong sing sengit banget karo wong sing seneng udud. Wis ta, yen ngerti ana sing klepas-klepus, aja meneh ning nggon umum, utamane bis, huh aku tambah sengit. Wis ambune ra enak, paru-paruku melu terancam kena penyakit. Ora toleran blas.
Emane, bapakku kuwi seneng banget udud. Sedina rong wungkus iku wis mesthi. Durung meneh yen lagi kakean pikiran, saya tambah. Nah, sing dikongkon tuku ya mesthi aku iki, anake. Ya apa meh ra mangkat? Nek kuwalat piye? Ning, aku ya gak lila yen dhuwite bapak kuwi diobong ngono. Gek mesthi bapak tumbase rokok sing larang. Jan mubadir, mending dienggo liyane sing luwih katon paedahe.
“Nduk, bapak tumbaske rokok kaya biasane ya,”
Lak tenan ta, lagi wae diomongke. Bapak wis dhawuh tumbas rokok. Nek ngeneki aku ra isa ngapa-ngapa, kajaba ngomong “iya”.
“Nggih Pak,”
Hlo kan, aku ngomong iya? Kandhani kok, aku ki ra wani mbantah dhawuhe bapak. Gek bapak ki yen maringi dhuwit mesti ngepas, ora tau turah. Mending ya yen turah, isa dak jupuk, hehe.
Rokok wis dak tumbaske, tak deleh meja. Kaya biasane bapak mesthi langsung mundhut siji, diobong. Uh, siji kuwi pirang ewu ya, kok mung diobong ngono, kaya barang muspra.
“Bapak kok remen ngrokok ta? Mboten sae lho ngge kesehatan,”
“Jare sapa? Ora apik iku lak yen pikirane wis ra apik dhisik. Yen digawa seneng ya ra ngefek ning kesehatan,” bapak iku senengane pancen ngeles.
“Huu, bapak ki kok mesthi ngoten. Sanese mboten sae, rokok niku boros,”
“Alah, isih cilik kowe iki, durung ngerti apa-apa,”
Jengkel ora coba? Banget. ngeneki ya yen ngomong karo wong tua. Kabeh-kabeh salah, yen luwih senior tegese bener terus ngono ya? uh, iku bapakku dhewe hlo. Becike meneng wae lah, lagi wegah padu aku.
***
Iseng-iseng aku ngetung-etung pengeluarane bapak dingo tumbas rokok. Gae gampange, upama sak bungkus kuwi regane Rp. 14.000, sedina tuku rong bungkus, berarti totale Rp. 28.000, dipingke sewulan, ketemu Rp. 840.000. Wah, akeh tenan ya? dhuwit semono mung diobong? Haduh.
Iki jenenge wis klebu gawat darurat, mligine ning bab finansial. Wah aku ora isa meneng wae. Aku kudu do something ki. Tapi apa ya? kene mbok aku disumbang ide. Sapa ngerti tok cer. Hmm.. wis lah kesuwen, aku wis nduwe ide saiki. Aja ngomong-ngomong bapak ya, mung kowe iki sing tak kandhani.
Dadi ngene, aku sedina kudu nyisihke dhuwit sing padha karo rega rokoke bapak. Kebutuhan sing gak penting banget ora tak gagas. kajaba iku aku ya kudu ngorbanake kebutuhan utawa kasenenganku, aku wis gak tau numpak becak jemputane Lik No, tuku pulsa tak irit-irit. Pokoe aku kudu isa nyelengi padha karo rega udude bapak.
Bapak ya gumun jane, aku saiki wis ra tau numpak becak. Kamangka biasane aku wis langganan karo Lik No. Alesanku pengen mlaku wae, perkara Lik No ora nduwe pemasukan saka keluargaku, wis ora usah mbok pikir, aku wis nduwe solusine, cukup aku sing ngerti, kowe ora usah ya?
Ora masalah yen aku kudu mlaku. Wong sekolahku ora sepira adohe kok. Malah yen mlaku ngeneki aku isa ndeleng sesawangan kiwa-tengen rada suwe. Akeh inspirasi saka kene. Tibake asik tenan ya, awakku ya dadi tambah sehat.
“Eh Retno, kok saiki ra tau mbecak meneh to?,” takone Reni, kancaku sebangku.
“Golek suasana baru wae. Bosen kok mbecak terus,” wangsulanku sak kenane.
“Oh ngono, gumun wae. Tak kira kowe iki ra bakal gelem mlaku kaya aku,”
“Ya ora ngono lah. Mbok kira aku ki ndara ratu pa piye? Ya wis saiki awake dhewe barengan ae ya, tak ampiri ning omahmu,” ajakku marang Reni.
“Wah sip, diwiwiti sesuk ya,”
Saiki pancen aku mangkat karo mulih sekolah asring bareng Reni. Bocahe semanak ora anggak, dadi ya penak yen diajak diskusi bab apa wae. Aku ya asring nggarap PR ning omahe Reni. Ora krasa ameh setaun aku akrab karo rutinitas iki.
26 Januari, iku seminggu maneh. Iku tanggal spesial hlo. Eh tenan kok, tanggal iku dina tanggap warsane bapak sing kaping 55. Ya nek basa gaule, ulang tahun, birthday jare wong manca. Ning keluargaku ora ana adat ngrayakke ulang taun. Pol-pole ya slametan neptu, nganggo jenang lemu, sega kuning lawuh kulup karo irisan ndog godhog, aja lali jajan pasar. Wis pokoke mak nyus ngonokae. Hlo, kok malah dadi ngomongke slametan, ah kowe ki pancen ngawur.
Tak buka celenganku, wow, akeh banget . Ditambahi sithik maneh kena nggo tuku BB. Hemm.. hlo ta ngawur meneh. Dhuwit iki kanggo misi rahasia. Mengko tak kandhani, sing sabar ta. Saiki aku lagi nata dhuwit iki ning kardus, tak bungkus apik nganggo kertas kadho, tak wenehi pita. Aku ya wis matur karo ibu supaya nggawe pista kejutan kanggo bapak. Ibu ya arep maringi kadho. Aja takon apa, aku ya ra ngerti kok.
26 Januari, jam 8 bengi, wektu bapak kondur saka dinas kerja. Aku siap-siap mapag bapak ning lawang. Swara motore wis keprungu saka ngomah. Sik ya, aja ngomong-ngomong karo bapak. Siji, loro, telu…
Surprise…,”
Bapak mlongo, bubar mbukak lawang kok dikageti. Aku langsung ndhekep bapak, disusul ibu. Bubar kuwi tumpeng sega kuning diaturke bapak. Pepak sak uba rampene. Pancen ora nganggo roti tart, ora cocok ning ilate keluargaku. Hehe dasar ilat Jawa.
“Sugeng ambal warsa nggih Bapak. Moga-moga bapak tansah pinaringan keslametan dening Gusti Allah,” ujarku, disusul ibu.
“Aamiin. Maturnuwun nduk, iki kok ya ana-ana wae. Ulang taun, kaya cah enom,”
“Iki akale anakmu siji kuwi hlo Pak, ayo saiki gek dipotong tumpenge, aja lali dongane,”
Bapak maringke kethokan tumpeng marang aku lan Ibu. Bubar kuwi dhahar bareng ning ruang keluarga. Nganti lali yen bapak kuwi durung siram. Haha. Aku mlayu ning kamar, njupuk kadhoku. Semana uga Ibu.
“Iki, kanggo Bapak,”
Bapak nerima kadho saka Ibu, peci haji werna putih, rajutane ibu dhewe. Apik banget, bapak katon sumringah.
“Matur nuwun ya bu, ngerti wae kesenengane bapak,” dielem ngono, pipine ibu malih abang. Ah malah kangen-kangenan.
“Ehm.. sampun nggih, giliran kula. Bapak, niki kadho kagem bapak. Nuwun sewu yen mboten remen,”
“Apa iki?,” bapak penasaran, age-age dibukak. Isine nggawe kagete bapak. Semana uga ibu. Pancen ora ana sing tak kandhani.
“Dhuwit?,”
“Nggih Bapak,”
“Akeh banget, nalare iki piye?,”
“Ngeten, arta niki kula klumpukke dangune setunggal taun, jumlahe sami kaliyan arta ingkang bapak tumbasaken rokok. Kula pengen bapak ngertos bilih setaun punika bapak sampun nelasake arta niki ngge tumbas rokok. Kamangka kathah sanget kebutuhan ingkang saged dibiayai kaliyan arta punika. Nuwun sewu yen bapak mboten remen. Kula namung nggadhani panemu kados puniki,” aturku marang bapak, ati-ati banget. Asline aku wedi sih nek bapak duka.
“Dadi, kowe ngirit, ora tau mbecak supaya bisa nglumpukke dhuwit iki?,”
Aku manthuk.
Bapak ndhekep aku. Nangis. Iya nangis. Aku ora ngerti sing digalih bapak iku apa. Aku ya gak pati ngarep yen bapak bakal mandheg anggone ngerokok. Bapak mbisiki aku, jare dhuwit kuwi nggo aku wae, ora usah nggo bapak. Nanging aku seneng, dina iki aku wis maringi kadho bapak sing ora kaya biasane.
Eh, penake aku sesuk mlaku apa mbecak maneh wae ya? Apa mbonceng kowe wae? terke aku tuku BB. Stt.. aja ngomong-ngomong bapakku lho ya? Awas hlo.
***



You Might Also Like

0 komentar: