GETHUK AGAWE KEPETHUK, Kapacak ing Majalah Panjebar Semangat edisi 46. 17 November 2012

08.48 Impian Nopitasari 0 Comments


Kagem: Alfian Anggie Daniear
Gak krasa wis sejam aku ning toko buku Gramedia Solo iki. Rasane atiku deg-degan ora karuan. Tanganku anyep. Ah, ora pernah ngrasakke kaya ngene sakdurunge.
Aku grogi.
Janjian karo kanca facebook, jan lagi pisan iki aku wani kaya ngene. Soale yen kanca penulis pancen aku percaya banget, apamaneh karyane arek sing arep tak temui iki jan manteb tenan. Makane pas dheweke arep ning Solo aku pengen ketemu. Nganti tak rewangi ora mulih omah, padahal minggu iki jatahku mulih. Ora papa, kapan meneh ketemu calon penulis terkenal?
Aku ngenteni sinambi golek-golek buku sing apik. Dheweke lagi nekani seminare Merry Riana ning Graha Wisata Niaga, sing panggone persis ngarepe Gramedia. Tanganku saya anyep pas mbukak sms’e.
Aku wis ning lantai 1, ngono unine.
Durung sempet tak bales wis ana cowok sing nyapa aku.
“Assalamualaikum, wis suwe to nunggune?,”
Deg..
Aku kaget, kok iso nemokke aku. Padahal toko bukune lagi rame banget. Sansaya bingung ki arep ngomong opo. Akhire yo ngomong-ngomong soal penulisan wae. Ternyata bocahe asik, gak sombong. Aku seneng banget.
Anggie, jeneng cowok iku. Bocahe tembem, luwih gendhut daripada ning fotone. Hehe. Arek Magetan, kuliah ning STAN Jakarta. Wulan iki ngepasi dheweke PKL ning Ngawi, jadi iso melu acara ning Solo. Bejone aku isa ketemu. Manut panemuku, pancen cowok siji iki ora Cuma pinter akademik tapi urusan nulis yo ciamik. Bola-bali cerpene kapacak ning majalah remaja nasional. Bola-bali uga dadi juara lomba cerpen. Ora gumun yen banjur akeh cewek sing ngefans. Tapi aku cuma seneng anggitane lan pribadine sing sopan, jadi asik diajak kancanan. Dhasare pancen aku seneng nyambung seduluran.
****
Rampung ngobrol kita sholat ashar amarga pancen wis sore. Pas njupuk tas, aku menehi oleh-oleh Gethuk Trio Magelang. Aku isin, tapi Cuma iku sing isa tak gawa. Arep tak gawake buku, bukuku wis entek.
Aku kaget saknalika amarga dheweke menehi buku aku. Buku antologi cerpen saka lomba nulis cerpen remaja. Aku gak pernah kepikiran bakalan diwenehi buku. Blass, ora ana pikiran nganti semono. Saking senenge, aku njaluk tanda tangane sisan. Dheweke gelem. Aku tambah seneng.
Bubar saka Gramed kita nerusake laku golek maem. Aku ngajak ning Solo Grand Mall, akhire kita maem lan ngobrol-ngobrol maneh nganti ngarepake magrib. Bareng wis dirasa cukup anggone dolan, Anggie pamit mantuk ning Magetan. Tak terake tekan halte. Atiku trenyuh rakaru-karuan. Kapan maneh isa ketemu. Moga-moga Gusti Allah isih paring ijin. Aku seneng banget nduwe kanca kaya Anggie. Atase wis lumayan tekenal gelem kancanan karo aku sing gak produktip nulis.
Aku nggawe status ning FB
Suwun ya Mas Anggie sampun maringi buku+tanda tangan. Sayange Cuma dibarter karo gethuk :(
Ora suwe ana komen saka Anggie
Gethuk Agawe Kepethuk :)
Aku mesem ngguyu maca komene. Ah Anggie, moga-moga aku isa gentian nggawe kepethuk awake dhewe maneh.
***

0 komentar: