KODHOK LAN BEKECOT (VERSI ASLI). DIMUAT DI MAJALAH PS, 14 SEPTEMBER 2013

03.37 Impian Nopitasari 0 Comments

Bekicot karo kodhok mono kanca raket sing sedina-dina tansah bebarengan ing endi wae. Senajan cara mlakune beda, sing siji cepet, sing siji nggremet, nanging kekarone wis kaya sedulur sinarawedi.
Senajan ngono, kadhangkala bekicot ngrasa Gusti ora adil, dheweke tansah iren karo kanca rakete yaiku si kodhok, kena apa kok kodhok bisa sak kepenake dhewe mencolot mrana-mrene dene dheweke mlaku wae angele pol, isih kudu nggawa omah sisan. Wis pokoke rekasa dadi bekicot, ngono batine.
“Penak ya Dhok dadi kowe ki,” ujare si Kicot marang Kodhok.
“Penak piye ta sing kok maksud?” Kodhok ganti takon.
“Ya awakmu ki lakune cepet, ning endi-endi bisa, ora nggremet lan kudu nggawa omah kaya aku,”
“Hush, aja ngomong ngono. Awake dhewe kudu tansah sukur marang Sing Nggawe Urip. Apa-apa sing kok arani ala, durung karuan ala kanggo kowe, ngono suwalike. Yen nuruti rasa meri, aku ya mesthi meri karo kowe Cot, ana bab sing kok nduweni ning ora tak nduweni,” Kodhok nyoba menehi pangerten.
“Apa iya to? Bab apa kuwi?” Kicot penasaran.
“Wis, mengko lak awakmu ngerti dhewe,” ngomong ngono si Kodhok sambi nglungani.
Kicot meneng, penasaran.
***
Dina-dina lumaku kaya salumrahe. Semana uga Kodhok lan Bekicot tansah ngelakoni urip kaya biasane. Ing sawijining dina nalika Kicot mlaku ijen, dheweke keprungu swara njaluk tulung.
“Piyep..piyep..piyep,”
“Tulung.. anakku kecebur kali, huk..huk.. tuluuungg,” bengoke pitik babon kang anake kejebur kali.
Si Babon mlayu mrana-mrene golek pitulungan, nanging sajake dina iku kewan-kewan padha lunga adoh, sepi. Si Babon saya kenceng anggone nangis amarga anak-anake liyane uga melu nangis ndulu kahanan sedulure kejebur nanging ora bisa nulungi.
“Ana apa mbok Babon?” takone Kicot sawise meruhi kahanan kasebut.
“Anakku kecemplung banyu, tulungana.. huk huk,”
Si Kicot pengen banget ndang aweh pitulungan, nanging mlakune sing nggremet iku saya ndadekke kahanan tambah melas. Ing njero ati si Kicot nggresula amarga ora bisa age-age aweh pitulungan.
Ing kahanan kang saya mutawatiri kasebut, dumadakan Kodhok teka lan age-age aweh pitulungan sing sarwa cepet amarga mlakune kang mencolot mencolot lan bisa nglangi. Wusanane kuthuk kang kacemplung iku bisa ditulungi. Mbok Babon ngaturke panuwun marang Si Kodhok.
Meruhi kahanan kasebut ndadekane Si Kicot tansaya rumangsa ora nduwe guna urip ing alam donya iki amarga ora bisa ngapa-ngapa nalika ana kang butuh pitulungan.
“Penak ya dadi Kodhok, bisa aweh pitulungan cepet, ora kaya aku, prasasat ora ana gunane,” aloke Kicot marang Kodhok.
“Wis to Cot, aja nggresula wae, kabeh iku wis ana bageane,” wangsulane si Kodhok.
“Iya, bageanmu akeh, nganti ora ana kanggo aku,” ujare Kicot mungkasi rembug.
Kodhok amung bisa nyoba sabar.
***
Pirang-pirang ndina iki sesambungan antarane Kodhok lan Kicot katon renggang. Kicot wegah sapa aruh marang Kodhok senajan Kodhok wis nyoba nyedhaki.
“Apa ta salahku marang awakmu Cot, yen pancen aku nggawe larane atimu, aku njaluk ngapura,” Kodhok nyoba ngomong karo Kicot, nanging Kicot ora paring wangsulan. Meneng wae.
Ah, pokoe Gusti ora adil anggote ngripta awakku, ora bisa kaya kodhok. Ngono unine Kicot, ing njero batin.
“Ya wis, yen pancen awakmu ora gelem ngapurani aku, dak trima. Ning sing baku aja terus-terusan nyalahke Gusti, Gusti ngripta titahe ora mungkin ora ana gunane, ana wadi kang ora bisa kacandhak dening nalare menungsa kang sarwa winates,” ngomong ngono Kodhok langsung mencolot ngadoh.
Omongane Kodhok ora digape dening Kicot, dheweke nutukke anggone golek pangan. Lagi sedhela nggremet dumadakan ana swara kang nggegirisi.
Klaaakkkk…klaakkkk…
Kicot ndhangak, saiba kagete ora adoh saka panggone ana manuk elang kang lagi golek mangsa. Age-age dhewekke ndelikke awake ing njero omah. Nadyan ngono elang kasil nyengkerem dheweke, nanging kersane Gusti cengkereman kuwi mrosot lan Kicot tiba ing sapinggiring kali, banjur glundhung ing njero banyu, kalis saka bebaya.
Manuk elang kasebut ora nututi dheweke, sajake pilih golek mangsa liyane. Kicot ayem dheweke ora sida dadi mangsane si elang. Nanging saiba kagete nalika dheweke weruh elang kasebut oleh mangsa kang banget ditepungi mbendinane. Ora liya si Kodhok. Kahanane nrenyuhke, karana kulit lan daginge sing empuk, gampang wae kanggone elang kang nduwe cakar sing landhep nujes anggane si Kodhok. Ing kahanan antarane urip lan mati Kodhok sempet mbengok marang Kicot.
“Ya iki sing tak maksud yen kowe aja nggresula terus marang Gusti,”
Kicot rumangsa getun lan keduwung. Sasuwene iki ora nate muji sukur marang Gusti, malah suwalike dheweke seneng nggrundel amarga rumangsa ora nduwe guna urip ing donya iki. Dina iki dheweke oleh piwulang urip kang larang banget, yaiku kudu ndulu kanca kinasihe kang dadi mangsane elang supaya dheweke bisa sadhar saka kaluputane sasuwene iki.

***

You Might Also Like

0 komentar: