SATRIYA ONTELKU

09.47 Impian Nopitasari 0 Comments


“Mas, mas.. mas klambi putiiihhh…!!!” bengokku ning tengah umyeg-e wong ning parkiran kampus. Halah..sing diundang malah ngilang. Lha aku ya bodho, lha wong sing nganggo klambi putih akehe eram, ya apa rumangsa diundang to mase. Haduh..kelangan jejak maneh aku ki.
Wis seminggu iki digawe bingung karo sawijining menungsa. Menungsa awujud pemuda sing blas ra tak kenal. Jan-jane aku ya ora pati asing karo wonge. Cuma pancen aku ra ngerti jenenge, ngertiku yen dhekne cah jurusan keperawatan, ya merga klambine sing putih lan celana soklate iku sing nudhuhke yen dekne cah keperawatan.
Sepisan aku ngerti dhekne ya ning parkiran kampus iki, saben dina kuliah aku markir kendaraanku, Si Phoenix merah, jejeran karo si Unto-ne mas klambi putih. Ya, aku pancen ora nunggang sepeda motor yen mangkat kuliah, aku luwih seneng ngonthel, luwih sehat tur ya ora marai polusi. Ya mbuh gene saben markir aku mesti oleh nggon cedhak gerbang, mangkatku sering telat jadi ya trima nggon sak-sake. Saben aku markir sepedaku aku tansah ngematke sepeda unto ning samping sepedaku iki, ya sapa sing gelem ngonthel pit jaman tempo doeloe ngeneki? Mahasiswa saiki lho, apa ya ana sing gelem nunggangi? Ning kampus sisan, apa ya ora gengsi karo liyane sing nunggang Mega-Pro, Fixion, Ninja, Satria lan sepeda “macho” liyane. Ngerti dhewe jaman saiki tunggangan menentukan posisi, masalah rupa nomer pitulikur, penting tunggangan keren, habis perkara.
Meneng-meneng aku ngelem sifate mase sing ngono iku, soale aku dhewe seneng banget karo sing jenenge sepedha ontel kuno, ning nggonku diarani pit unto. Jaman cilik aku diboncengke masku ning ngendi-ngendi nganggo pit unto-ne swargi mbah kakungku. Rasane aku kaya bernostalgia yen weruh pit unto kaya iku. Aku mbayangke mas sing nduwe ontel iku kayadene SATRIYA ONTEL BERBAJU PUTIH, dudu ksatria berkuda putih kaya ning dongeng-dongeng manca. Halah, pikiranku koq sansaya ngawur wae. Lha kepriye arep ra berfantasi nganeh-nganeh, lha wong mase ngganteng banget koq, upama gelem numpak Mega Pro apa Satria ngono jane ya memenuhi syarat. Penunggang Mega Pro liyane mah lewaatt. Makane iku sing nggawe aku sansaya kesengsem karo dheweke. Sangat-sangat low profile kanggo ukuran mahasiswa ning kampusku sing seneng ngandhalke gengsi.
Ing sawijining dina, aku pas-pasan karo si ksatria ontel. Kaya biasane, dheweke nganggo seragam putih lan tas cangklong, keren banget menurutku dikombinasike karo pit unto tempo doeloe. Aku ya meneng wae, ora wani ngaruhi. Cuma bisa ndeleng rupa baguse lan ontele sing kinclong. Jan mase ki gak cuma bagus tapi ya resikan. Malah luwih resikan dhekne daripada aku. Wong si Phoenix wae jarang tak kumbah, dilapi ya yen eling wae. Duh, upama si Phoenix bisa ngomong, mungkin dhekne isin sesandingan karo si unto kinclong. Saka iku aku jadi sregep ngresiki sepedhaku. Ya supaya ora isin yen sesandhingan. Hehe.
Seminggu iki aku diwenehi tugas saka seniorku golek data mahasiswa sing hobby ngonthel utawa sing asring nyepedha saben ning kampus. Aku minangka wartawati kampus jane ya gampang yen Cuma golek berita ngono iku, lha wong koneksiku akeh. Tapi masalahe aku pengen banget mase klambi putih iku sing dadi narasumber-e, tapi koq aku kaya ora nduwe nyali nggo ngadhep dhekne, aku ora ngerti ngapa, padahal pejabat-pejabat kampus wae asring tak dhedhes pitakonan, lha koq Cuma mahasiswa kesehatan wae aku ra wani blas. Haduh..koq isa kaya ngene ki dadine? Padahal deadline laporan tinggal rong dina ngkas. Bakalan kena SP aku ki.
Aku wis usaha ngundang dhekne, tapi lambeku ra metu suarane. Arep nyuwun tulung petugas parkir koq ya pekewuh, ngapa ora ngundang dhewe. Yen tak goleki ning Fakultas Ilmu Kesehatan koq ya ora nemu, ya mesti wae, mahasiswa jagadan ngono kepriye nemune. Aku koq sansaya tambah linglung, naluri wartawanku ilang mbuh ning endi. Padahal tekon cah kesehatan apa petugas administrasi mesti rak ya cepet ketemu. Mbuh, atiku deg-degan sek yen arep tekon.
Atiku wis raiso diajak kompromi. Aku ra peduli yen diarani ra professional. Di-SP senior ya wis ben. Haduh, aku kepikat karo si satriya Ontel Berbaju Putih. Akhire aku ra sido mewawancara si satriya ontel, aku nyuwek kertas selembar, tak tulisi gedhe-gedhe, tak solasi lan tak tempelke ning sedhel sepedane,
“MAS, PITMU KEREEENN TENAN”
FROM: PHOENIX MERAH.
                                                ************************

You Might Also Like

0 komentar: