Geguritan lan Tembang

04.08 Impian Nopitasari 0 Comments


Goncahing Alam
Sunaring hyang rawi anekseni
Sampyuhing candra kartikaning tawang
Nora bisa mratandhani
Gumlegering bajra erawati
Samirana ambrastha mayapada
Mahagiri muntab anelasak wana
Samodra duka njajah ngare
Alam tinitah dening Gusti
Tanpa sangsi kathahing pepati
Janma-janma kang muspra
Anandang karma priyangga
Akari raga
Jisim katon gumlinting

Panjebar Semangat, Juli 2011



Sugeng Riyaya Fitri
Ing sadaya panjuru datan
Kepireng swara takbiran
Puji syukur maring pangeran
Gusti kang paring kasarasan

Para brayat andum sedekah
Arupi arta lan zakat fitrah
Mring sedherek kang nandang sisah
Amrih riyayan kanti bungah

Alaning rasa pangrasa
Tumrap sadayaning priyangga
Saha sami paring pangapura
Anom sepuh tanpa beda

Pindha kertas putih
Kadya ditya lahir malih
Mongkoging penggalih
Kanti berkah linuwih

Sugeng riyaya Fitri
Dinten kang edipeni
Nyuwun agunging pangaksami
Tumrap sadayaning pradondi

Majalah Embun, edisi Lebaran 2011


SUGENG HARIADI
Lamun sira emutaken
Alloh sampun paring pituduh
Nadyan sira kumawani
Gusti mboten paring sangsi
Inggih niku ganjaranipun
Tumrap sadaya priyantun

Ketingal hilal syawal ing angkasa
Ramadhan sampun purna
Edi endah sulistya ing rasa
Sesanti lan donga pamuji
Namung kagem pangwasa sawiji
Alloh, Gusti kang maha suci

Hariadi, sugeng rawuh riyaya suci
Atmaja sami sungkem
Rama biyung paring ngapunten
Iringan para kadang, tangga lan mitra
Andamel bungah
Dhapuking sadaya cecongkrah
Idul  fitri, dinten kang berkah


SESANTI WULAN SUCI
Rohning candraning jalma
Arupa dosa pindha hancala
Muhammad pepeling umat
Ambrastha sadaya awrat
Dhuh Gusti kang akarya jagad
Haturira kathahing pangaksami
Arawuhing wulan suci
Ngayahi jejibahan bekti


Malam Resepsi
Endahing candra kartika ing tawang
Swasana ratri kang saya tintrim
Samirana semribit klawan retno
Dhuh yayi…
Tan kwowo angudar penggalih
Tyas nira kang anandang branta
Tansah katungku esemu
Kang manise ngungkuli manu
Geg kemriyeg sarwa sigeg
Suka parisukaning malem resepsi
Sesandingan ing dampar kencana
Pindha ratu lan prameswari
Kadya mimi lan mintuna
Raden Kamajaya lan Dewi Ratih
Tyaraning galih linuwih


Carita Wengi
Sameko ing trah ratri
Kembang blimbing
Semayaning kasembadan
Mungguhing godhong turi
Pethoking laladan
Gawang-gawang sirna tan kemba
Janur gunung kadingaren
Solah bawa tan kena duga
Pancang uger-uger lawang
Sing kadatan
Mung lamis tanpa amis sawegko grimis
Tawang-tawang tan peteng tanpa lintang
Kadhapuk malang meganing mendhung
Uncating rasa gara-gara ketiban pinjung
Suwung kasangsayan
Kaya driya tanpa uruping rasa
Rasa-rasa jati raganing jalma
Titianing jiwa manteping ati
Ja dumeh den banjur sumeh


Dhandhanggula
Aja pisan sira anglakoni
Adigang adigung adiguna
Jinaga ing wicantene
Solah miturut kalbu
Mratandhani candraning becik
Bekti mring yayah rena
Eling ing linaku
Mujia marang Pangeran
Kurmat marang liyan kanthi edipeni
Pikantuk kabecikan


Asmaradana
IMpen sun sajroning ati
PIkantuk jampi usada
ANandang bingung seprene
NOra gampang mendhem tresna
PItutur kang ambrastha
TAn ngrasuk sajroning kalbu
SARIra janma kang setya



Dhandhanggula
Jahe wana ing piranti aji
Poyang payingan sun ngudi warta
Tuwuhing mrica kecute
Eling mring saunimu
Lung janur timun ageng niki
Seda ing lalabuhan
Juwet kutha ayu
Gugurira den prawira
Ora sangsi den ngabekti mring nagari
Netepi kewajiban


Kinanthi
RAtri nimas amitutur
DEN jatmika prapteng budi
EGUH pratikelaning tyas
PRAsasat angudi asih
SEkar semboja ing taman
TYAraning galih linuwih


Asmaradana
Dhuh gusti ing dalu niki
Netra sun tan bisa nendra
Bingung ati ing seprene
Nandang wuyung kang kapisan
Dhuh den bagus sahaja
Sliramu antebing kalbu
Engga sukma pisah raga


Maskumambang
SUmerbak gandhaningrum sekar melati
PRIyagung ambudhi
YANwa gesang ing anyata
TAndha sun nandang branta




You Might Also Like

0 komentar: