Isih Ana Jenengmu ing Atiku, Kapacak ing Majalah Panjebar Semangat edisi 12. 23 Maret 2013

09.17 Impian Nopitasari 2 Comments


“Wis to Bal, ora sah kok gelani maneh, sing wis ya wis. Kowe kuwi hlo, kaya ra ana cah wedok liyane,” ujare Mbak Novi, ngeyem-ngeyem aku.
“Tapi aku wis kebacut tresna Mbak. Mung Airin sing isa nggawe atiku kepincut,”
“Iqbal, Iqbal. Delengen raimu jal,” mbak Novi ngomong sambi ngelungke ngilon ning ngarep raiku, “kowe kuwi nggantheng, ra beda karo Afghan. Nek golek cah wedok sing luwih saka Airin kae akeh, menang milih,” sajake Mbak Novi semu gregeten karo aku.
“Ora masalah aku iki nggantheng apa ora Mbak, tapi iki masalah ati mbak, ati…,” ujarku karo nduding dhadha, negesake.
“Alah ya wis Bal, sakarepmu. Sing jelas bab iki aja ndadekake awakmu nglokro kaya ngono. Pesenku mung adohi silet, baygon, aja menek kenteng ya,”
“Ora lah mbak, ra nganti kaya ngono lah. Cukup sekali aku merasa kegagalan cinta,”
“Kaya lagu dangdut wae, ya wis, aku tak mulih sek ya, jaga awakmu,” Mbak Novi pamit karo aku, tak wangsuli manthuk wae.
Baline Mbak Novi ora ateges aku mari anggonku ngungun. Isih tetep krasa lara atiku iki. Banget nget nget. Rasane aku kaya muter slide film sing lagi mentas tak tonton. Isih cetha wela-wela blegere Airin karo bojone lungguh ing dhampar kencana. Sajak sumringah, suka parisuka. Dulang-dulangan, poto-poto mesra. Ora ngerti aku sing nyawang dheweke kanthi rasa sungkawa. Atiku kaya dipalu, remuk. Ajur mumur.
Nanging isih tak kuwat-kuwatke lungguh ing kursi tamu. Gelem ora gelem aku kudu ngenteni nganti rampung adhicara resepsi iki. Aku pekewuh karo kanca-kanca yen nganti mulih dhisik, ketok banget yen aku ora ngajeni. Aku yo melu poto-poto karo manten, salaman karo manten lanange barang. Wis kaya Anang-Raul ngonokae. Malah sempet dipoto Mbak Novi, diupload ning group organisasi. Nyat stress kakak tingkatku siji kae.
Tapi raketang tresnaku pedhot dalan aku isih bersyukur nate ngrasaake sesambungan karo Airin sing suwene mung sakedhepan mata iku. Reketang mbiyen aku mung dadi pelarian tok. Airin kuwi kakak tingkatku, sak semester luwih dhuwur saka aku, nanging awake cilik, imut, lucu, isih seneng aleman. Isih seneng-senenge yang-yangan tap iwis dijodhoke karo wong sing luwih tua 10 tahun saka dhekne. Ya mesthine ora langsung gelem. Pengen ngerti crita jangkepe? Ya kene rungokke aku.
***
Aku kenal Airin pas daptar dadi anggota organisasi perkursusan ing kampusku. Ya mikirku mbiyen iseng-iseng sambi golek pengalaman. Ndilalah kok aku lolos seleksi test, ya wis sidane aku otomatis isa melu training, minangka sarat mutlak dadi anggota. Wektu kuwi Airin entuk amanah dadi seksi Pubdekdok, sing salah siji kewajibane kudu motret-motret event-event apa wae sing kaleksanan. Pasangane Airin wektu kuwi Mbak Novi. Yen Mbak Novi iku bener-bener ngayahi jejibahane minangka tukang potret, Airin malah asring motreti aku tinimbang liyane. Saka kuwi padha ngerti yen Airin ngesir aku.
Saya suwe sesambunganku karo Airin saya raket. Malah kena diarani pacaran. Sms-an, Fb-an, chattingan asring karo dhekne. Airin kuwi bocah sing kelewat manut karo wong tua, ora pernah metu omah bengi-bengi, dolan diwatesi. Pas dheweke ngancik semester 6, ana mata kuliah drama sing nggawe para mahasiswa bahasa Inggris asring latian nganti bengi. Iku dienggo kesempatan Airin metu bengi. Mesti wae diolehi wong tuane. Sebab iku urusan pelajaran, ya raketang asline ora pati lila.
Mumpung dheweke oleh metu mbengi, aku ora nyia-nyiake kesempatan iki. Tak enteni nganti dhekne bubar latian drama. Bar kuwi kan isa mlaku-mlaku, tuku susu, utawa maem sek sedela. Senajan runtang-runtungku iki dadi rerasan kanca-kanca lan senior.
“Kowe ki hlo Bal, wis ngerti yen Airin iki arep nikah, wis nduwe calon, kok ya awakmu nekat sesambungan karo dheweke,” kaya biasane, Mbak Novi mesti wong sing paling cerewet karo perkaraku iki.
“Sing marai Airin sek ya Mbak, dudu aku. Wong dhekne sing seneng aku sek, aku ya apa bisa nolak, Airin kuwi ya ayu kok,” aku puguh karo panemuku, ora rumangsa salah.
“Iya, kowe seneng pacaran karo Airin. Tapi aku karo Yanti, Prastika, utawa kanca cedhake Airin liyane, mesti pekewuh yen ditakoi kanca liyane. Ora rumangsa ya yen aku iki nutupi petingkahmu karo Airin kuwi. Kerana apa? Ya njaga jeneng apike kowe sakloron karo jeneng organisasi. Mbok kira aku ki meneng wae?,”
Aku mumet, ora nyangka yen kedadeane nganti kaya ngene. Ora mokal yen Mbak Novi dadi hebring kaya ngono. Aku kan ya mlebu mahasiswa sing lumayan terkenal. Gawat uga yen konangan pacaran karo Airin. Salah sijining dosenku kan tanggane Airin, lan mesti wis ngerti yen Airin iku arep nikah. Kok aku ora mikir nganti semono.
“Tak kandhani ya, bengi kae pas kowe metu karo Airin, calon bojone methuk rene. Aku karo Yanti sing ngalang-ngalangi supaya kowe ora konangan. Coba yen nganti konangan? Apa ya ra mesakke Airin? Mesti langsung dipilara wong tuane,” mbak Novi nesu getem-getem, aku mung bisa meneng wae.
“Saiki aku wis gak mau tau, sesambunganmu kuwi kudu dipedhot. Airin wis duwekke wong liya, senajan asline dhekne ora seneng, kowe wong lanang sing durung bisa janjeni apa-apa kudu trima, lilake Airin ya Le,”
Donyaku rasane peteng ndhedhet. Nglilake Airin? Aku durung siap. Tapi omongane Mbak Novi ya bener, aku durung bisa janjeni apa-apa, beda karo calone Airin sing wis mapan. Aku jelas ora sepadan. Dhuwit wae isih asring njaluk wong tua. Aku mung menang rupa. Rupaku durung bisa nguripi Airin.
Ora let suwe, aku resmi pedhot karo Airin.
***
Resepsine Airin mbarengi organisasiku nganaake Musyawarah Akhir Tahun, aku kadhapuk dadi pimpinan sidang formatur. Untung wae pas istirahat kanca-kanca sepakat teka ning resepsine Airin. Dadi aku isa mrana bareng-bareng, ora ijenan. Ning kana aku dadi bahan ece-ecenan’e kanca-kanca. Bubar saka resepsi, mbalik anggone sidang, aku tetep wae isih diece. Ya wis sekalian wae, nalika break sidang, aku karaokenan, lagu-lagu galau ngonokae. Dadi ger-ger-ane kanca-kanca. Apamaneh pas aku nyanyi lagune Adele, Someone Like You, sing dinyanyike Boyce Avenue.
I heard that you shuttle down
That you found you a boy
And you married now
…………………………………
Never mind I’ll find someone like you
I wish nothing but the best for you.
Aku mung bisa pairing donga marang kowe Rin, muga-muga dadi keluarga sing sakinah, mawaddah, warahmah. Senajan  ning njero atiku isih keselip jenengmu. Isih tekan saiki.
***

You Might Also Like

2 komentar:

  1. cek kumpulan cerkak bahasa jawa
    www.kumpulan-cerkak.blogspot.co.id

    BalasHapus
  2. Mantepppp,seneng bisa baca cerkak boso jowo lagi,thanksss..a lot

    BalasHapus