Jodho Kanggo Bapak. Kapacak ing Majalah Jayabaya Edisi 28. 3 Maret 2013

09.12 Impian Nopitasari 0 Comments


Wancine wis wengi. Wis jam rolas kurang sepuluh menit. Sedhela engkas memedi padha njedhul yak’e. Nanging  aku isih betah ning kene, nggarap tugas kuliahku ning cedhak jendhela. Aku paling seneng lungguh kene, jendhelane dibuka, angine semilir, isa mandeng sesawangan ning njaba. Ning kene ora akeh nyamuk, dadi santé wae.
Emane, ana siji sing ilang saka kene. Mbiyen jaman cilikku, aku mesti isa nyawang rembulan saka jendhela kamarku iki. Nanging saiki sesawangan kuwi wis malih dadi gedhung tingkat, nutupi rembulan ing suwalike. Tekan saiki, aku isih durung paham, kena apa kok sing nduwe proyek kuwi mbangun gedhung dhuwure kaya ngono. Ora ngerti yen aku sejatine ora lila.
            “Durung turu to Nduk, wis wengi, gek jendhelane ndang ditutup, marakke masuk angin hlo,” dhawuhe Bapak ngageti aku.
            “Oh.. Nggih. Hla Bapak piyambak kok dereng sare?,” aku genten takon.
            “Durung isa turu, ujug-ujug kelingan Ibumu,”
            Aku isa ndeleng pasuryane Bapak sing nandang sungkawa. Wis suwe kedadean kelangan Ibuk, nanging tatu ing atine bapak durung bisa ilang nganti saiki.
            “Mpun to Pak, ampun diemut-emut malih. Ibuk sampun sumare ing alam kelanggengan. Luwih becik kita kirim donga mawon, supados Ibuk mboten sedhih,” tak eyem-eyem atine Bapak.
            “Iya, bener kandhamu, aku sing kebangeten anggonku tresna marang ibumu,”
            “Nggih mpun, sakniki Bapak istirahat mawon. Kula tak nggih tilem, enjing-enjing wonten kuliah pagi,”
            Bapak wis arep sare ing kamare. Jendhela tak tutup, lampu tak pateni. Muga-muga sesuk ora telat tangi.
***
            Perpustakaan kampus dina iki ora patiya rame. Kebeneran aku isa nggarap tugas kanthi tenang, ora kemrungsung merga akeh wong. Dumadakan ana wong sing ngageti aku.
            “Heh, Candra, serius men,” ujare samba nepuk pundhakku. Iku sing nggawe awakku adhem panas.
            “Eh Mas Bayu. Mbok aja ngageti ngono hlo, mengko yen aku nganti njerit isa digemplang karo wong-wong ning perpus iki,” wangsulanku semu mrengut.
            “Wis lah, rasah mrengut ngono, mengko ayune ilang,”
            “Halah, gombal mukiyo. Prett..,”
            “Haha Mukiyo ancen jeneng rewangku ning omah, tukang pel, hihi,”
            Aku ora mangsuli, mripatku isih fokus marang tugas-tugas kuliah sing marai nggliyeng. Alesan nomer loro, aku ora wani nyawang raine mas Bayu, isa salah tingkah dhewe aku.
            “Eh iya Can, aku oleh titipan saka Ibu, kanggo Bapakmu,”
            Bathukku mengkeret “Titipan? Titipan apa Mas?,”
            “Ora ngerti, aku mung diwenehi amplop iki, tulung ya aturke Bapakmu,” Ujare Mas Bayu, tangane ngelungke amplop.
            “Hmm…iya mas, suwun ya. Mengko tak aturke Bapak,”
            “Ya wis, aku tak mlebu kelas dhisik ya. Suk yen sempet ketemu maneh, aku kesusu soale,”
            Aku manthuk. Mas Bayu lunga. Aku isih mandeng amplop kuwi. Penasaran.
***
            Sak ndalan-ndalan pinuju omah atiku isih kebak pitakonan. Ibuke Mas Bayu nitip amplop kanggo bapak? Gek isine apa? Bu Risma iku kan rencange Bapak, padha-padaha guru ing sekolahan sing padha. Lha kena apa kok ndadak dititipke mas Bayu? Kok ora diaturke dhewe? Arep tak buka ndhisik kok ya ora sopan banget. Ya wis lah, becike age-age tak aturke Bapak.
            Tekan omah, kahanane suwung. Bapak durung kondur. Tasku tak selehke kamar, ngaso sedhela, bubar iku masak kanggo dhahar Bapak mengko. Ya ngeneki yen ora nduwe ibu, aku kudu nggenteni paragane. Idhep-idhep mbales budhi karo bapak sing wis nggedhekke aku nganti dadi kaya ngene.
            “Assalamualaikum,” keprungu swarane Bapak uluk salam.
            “Waalaikumussalam,” wangsulanku saka pawon.
            “Kok nembe kondur pak?,”
            “Iya Nduk, ana rapat mau ning sekolahan. Wah wetengku kok luwe ya, mambu masakanmu iki, sik tak ngaso sedhela, yen wis mateng omongi ya Nduk”
            “Nggih Pak,”
            Aku nutukke anggonku masak, mung jangan lodheh lawuh gereh ora lali sambel. Dadi ya cepet. Aku wis ora sabar pengen ngaturke amplop saka Bu Risma marang Bapak.
            Ora let suwe masakanku mateng, bapak ya wis rampung anggone ngaso. Dak ladeni, dak kancani dhahar. Bapak crita ngalor ngidul bab sekolahan, aku ya crita kuliahku dina iki, nganti ora kerasa Bapak wis rampung olehe dhahar. Tak resiki lan tak isahi piringe. Bubar iki aku matur karo bapak.
            “Bapak, dhek wau wonten titipan amplop saking Bu Risma,”
            “Bu Risma? Risma sapa? Risma kancane bapak kae?,” pitakone bapak semu gumun.
            “Nggih Pak, Bu Risma rencang guru punika,”
            “Kok isa dititipke kowe? Nalare?,”
            “Dhek wau Mas Bayu ingkang maringi, ngendikane niku titipan saking Bu Risma. Punika amplopipun pak,” amplop tak paringke bapak. Aku lungguh ning jejere.
            Bapak katon serius anggone maca. Sakjane aku ya pengin melu maca. Tapi ya gak sopan banget yen melu-melu. Dadi aku ngenteni dhawuhe bapak sakbanjure.
            “Pripun Pak?,” tak wanek-wanekke tekon.
            “Hhh.. aku durung isa ngomong Nduk, mengko ya yen Bapak wis siap,” ngendikane Bapak karo aku. Bubar kuwi Bapak pamit ning njero kamar lan ora metu maneh nganti esuk.
            Bab iki marakke aku sansaya gumun. Jan-jane ana apa.
***
            Wis telung dina saka kedadean ning meja dhahar iku. Nanging aku durung oleh wangsulan sing jelas saka rasa penasaranku iki. Aku ora wani ngrembug perkara iku. Tak enteni nganti bapak kersa crita dhewe marang aku. Mestine iku bab sing wigati banget nganti ndadekake pasuryane bapak beda.
            Aku ya durung ketemu Mas bayu maneh. Aku pengen takon marang dheweke. Sapa ngerti weruh. Dina-dina iki aku disibukke karo tugas kuliah, dadi ora kober nggoleki Mas Bayu sing pancen beda fakultas.
            “Chandra..,”
            Hlo ta, lagi wae tak rasani, kok wis njedhul.
            “Eh Mas Bayu.. saka endi Mas?,”
            “Bubar konsul skripsi. Oh ya, longgar gak? Ayo tak traktir maem Soto Kering,” ajake Mas Bayu, mingini.
            Aku kaya kebo dikeluh, manut wae. Biasane ora hlo, aku mesti nolak yen diajak maem cah lanang. Mungkin sing iki rada spesial. Hehe.
            Mas Bayu pesen Soto kering karo es teh loro. Aku pancen seneng menu Soto kering ning kantine Bu Siti iki. Enak lan unik. Samba maem Soto, aku diajak ngobrol Mas Bayu. Pisanane ora obrolan sing abot, nganti tekan ukara iki.
            “Sak jane, aku iki seneng kowe Can, upama ora ana alangan aku mesti wis wani nembung  kowe,”
            Aku mingkem, cep klakep. Ora mudheng apa sing diomongke Mas Bayu. Saksuwene iki aku pancen mendhem rasa tresna marang dheweke, tapi ora ngira yen Mas Bayu ya seneng aku.
            “Karepmu iki piye to Mas? Tresna aku? Alangan? Aku isih durung ngerti,”
            “Kowe kelingan kan, amplop sing tak wenehke awakmu wingi?,”
            Aku manthuk. Mas Bayu mbacutke anggone crita. Saben ukara tak rungokke, tak ematke, tak pesthekke yen aku ora salah krungu. Nganti ukara sing pungkasan, aku wis mbrebes mili. Ora nyana yen kedadeane bakal kaya ngene. Aku mulih ngarepake udan, sengaja aku mulih dhewe ora payungan, ben luhku sing mbrebes iki kesamar dening banyu udan.
***
            Ceritane ngene, dadi sakdurunge mbobot aku, ibu divonis nduwe penyakit lemah kandungan dening dokter. Yen Ibu mbobot, resikone dhuwur banget. Nanging Ibu ngotot pengen mbobot aku. Jaman semana pancen ibu lan bapak kepetung suwe anggone nduwe anak, sepuluh tahun ningkahan, lagi diparingi aku. Dadi senajan oleh vonis penyakit apa wae, ibu tetep pengen mbobot lan nglairake aku.
            Apa mungkin wis krasa yen uripe Ibu ora suwe maneh. Wektu umur wolung wulan ning njero kandhungan, ibu nulis wasiat kanggo Bu Risma, kakak tingkat kuliahe mbiyen. Bu Risma sing kala iku nyandhang status randha anak siji amarga garwane tinggal donya nalika ngayahi tugas minangka TNI, dipeseni ibu, supaya mengko yen panjenengane ora ana, gelem nggenteni posisine. Pancen wis garising pepesthen, ibu tinggal donya nalika nglairake aku. Bapak nandang dhuhkita kang jero banget. Senajan dipeseni ibu supaya omah-omah maneh, tapi Bapak luwih milih urip ijen nggedhekke aku tanpa bojo. Semana uga Bu Risma, panjenengane iku jan-jane ora pengen omah-omah maneh. Marga iku, nganti aku gedhe, Bapak lan Bu Risma durung njangkepi pesene ibu.
            Amplop kuwi surate Bu Risma kanggo Bapak, amarga ora wani maringke dhewe, akhire dititipke Mas Bayu. Isine nakonke bab wasiate Ibu. Ana sing meh ngepek Bu Risma, tapi Bu Risma ora kersa, dadi yen arep nolak kudu nduwe alesan sing kuat. Bu Risma pilih omah-omah karo Bapak daripada karo wong liya. Ora karana ngebet banget, tapi nggenepi wasiate ibu, jarene wasiate wong sing wis ninggal wajib dilakoni angger ora nerak sareat.
            “Saiki kepriye panemu mu Nduk? Bapak sejatine wis emoh mikir omah-omah. Wis cukup nduweni kowe. Nanging, perkara iki ora gampang. Ana perjanjen jaman mbiyen sing durung bisa tak jangkepi,”
            Aku pengen nangis, nanging tak betah-betahke. Aja nganti bapak ngerti luhku netes. Kaya ngapa tresnaku karo Mas Bayu ora bisa ngalahke tresnane bapak marang aku. Aku minangka anak kudu luwih mentingke rasa bekti marang wong tua timbang nggagas kepentinganku dhewe.
            “Nggih, kula namung bisa paring restu kagem Bapak. Yen bapak seneng, kula nggih ndherek seneng,” wangsulanku kanthi ukara sing tak normal-normalke. Tak tatag-tatagke atiku.
            Mungkin pancen kudu ngene nasibku. Aku ora jodho karo Mas Bayu minangka bebojoan, nanging aku kudu dadi sedulur kuwalon. Mungkin pancen Bu Risma jodho kanggo bapak, aku mung bisa pasrah wae. Selawase urip aku durung nate ngerasakke nduwe ibu, iki mungkin wangsulane Gusti Alloh saka dongaku, senajan calon ibuku kuwi Bu Risma, ibune Mas Bayu.
***

 

You Might Also Like

0 komentar: