EWUH (Dimuat di Solopos dengan Judul MANTU, 15 Agustus 2013)

22.07 Impian Nopitasari 0 Comments



Bengi iki ing omahe Karto lagi umyeg. Marni teka saka Jakarta. Marni, anak wadon ontang-antinge sing wis suwe kerja dadi pembantu rumah tangga kuwi ujug-ujug mulih, kamangka biasane yen mulih ya pas ngarepke riyaya.
Jebulane Marni mulih kuwi karana arep ana priya sing ngelamar dheweke. Cah Jakarta kana. Mulane dheweke mulih kareben njaluk restu wong tuane.
“Apa awakmu wis yakin Nduk arep omah-omah? Gek karo cah kutha sisan, ora karo jaka desa kene wae to?” Karto sajak kuwatir.
“Nggih Pak, sampun manteb. Mas Heru niku tiyang sae kok. Insya Alloh mboten neka-neka senajan dheweke tiyang kutha,” Marni nyoba ngeyakinake bapake.
“Marni kuwi wis wayahe omah-omah lho pakne, kathik kerjane ya wis suwe, wis bisa nyukupi butuhe wong tua, dadi wong tua ya mbok ndhukung anake hlo,” Srinah, ibune Marni sajak ora sarujuk karo bojone.
“Lha rencanane meh kapan calon bojomu mrene?” takone Karto maranga anake.
“Seminggu malih pak,”
***
Tenan, let seminggu ana rombongan mobil saka Jakarta. Wis jan dadi gumune wong sak desa ngonokae. Lha kepriye, pancen sesawangan kaya ngono kuwi arang ditemoni ing desane Karto sing pancen mencil. Marni pancen beja, atase prawan ndesa bisa dilamar wong Jakarta, ngono panemune tangga teparone Karto.
Keluarga loro wis padha nemtokake tanggal akad nikah lan kapan ngundhuh mantune. Pokoe teknis acara dipasrahke pihak wong wadon, keluarga besan amung manut wae. Acara ngundhuh mantu bakal diadani awal sasi iki. Dadi ya wis ora suwe maneh.
Pak Jamal, calon besane Karto pamitan mulih ing Jakarta, bakalan rene maneh telung ndina sak durunge gawe.
“Pokoe kudu sing regeng lho pakne,” ujare Srinah miwiti rembug.
“Hla mbok sing prasaja wae to bune, sing penting kan nikahane to, wis ora usah aneh-aneh,” Karto sajak ora sarujuk marang panemune bojone.
“Piye to pakne iki, awake dhewe mung nduwe anak siji, wadon, gek calon besane awake dhewe iki pengusaha sukses ing Jakarta kana, ya apa ora isin yen nduwe gawene angger-anggeran?”
“Dhuwit saka endi to bune? Apa ora eman yen dhuwit sing diklumpukke mataun-taun entek mung dienggo ura-ura?” Karto sansaya getem-getem.
“Wis lah pakne, ora usah kuatir. Dhuwite Marni karo celengan mas-masanku kae wis cukup yen mung kanggo gawe. Sampeyan manut wae karo aku,”
“Sakarepmu lah bune, ning yen ana apa-apa aku emoh nanggung,” pangancame Karto
***
Pirang-pirang ndina iki Srinah katon umyeg dhewe. Kamangka Marni, sing atase calon manten wae malah ora kaya ngono. Pancen Srinah pengen nduwe gawe mantu sing amung sepisan kuwi digawe regeng. Pokoe ewuh sepisan iki kudu digedhe-gedheke.
Srinah pengen kabeh sing ana hubungane karo nduwe gawe mantu iki sarwa nomer siji, emoh sing ecek-ecek. Ya riase, ya deklite, pranata carane, grup campursarine, penyanyine ora mung siji loro, ananging papat. Pokoe kabeh sarwa sing berkualitas.
“Apa ya ora keladhuk to bune, penyanyi kok nganti papat, mbok loro wae rak ya wis cukup,” Karto nyaruwe bojone.
“Ora pakne, arang-arang wae ana hiburan kaya ngene ning ndesane awake dhewe. Iki kesempatan kanggo awake dhewe nggo meruhi tangga-tangga yen kene ya bisa nduwe gawe gedhen-gedhenan, ora dieceni wae minangka wong kere,” Srinah puguh karo panemune.
“Rak ya ora kudu kaya ngono to bune, pengen diajeni ora kudu ngaggo sarana ewuh gedhen-gedhen, isih akeh cara liya.”
“Wis lah pakne, sampeyan yen ora sarujuk meneng wae. Iki mligi dadi urusanku, manuta wae,” Srinah ujar ngono karo nglungani.
***
Wong sak desa wis padha ngerti yen Karto ameh mantu. Ora sak baen-baene mantu. Ketitik saka repote Srinah golek ubarampe mrana-mrene. Ing endi-endi perkara Srinah arep mantu tansah dadi pacelathon.
“Eh Yu, wingi kae Srinah golek gedhang ing omahku, jare arep nduwe gawe gedhen ngono, apa bener to yen Marni entuk bojo wong sugih?” takone Rusmi, bakul gedhang, marang Sayem, tangga cedhake Srinah.
“Iya bener, wingi kae aku melu ngewangi resik-resik omahe kok. Wis jan beja tenan kae Marni, mesti kabeh ongkos nduwe gawe ditanggung calon bojone,”
“Ning apa ya ora keladhuk to Yu, atase Srinah kae ya arep diomong sugih ya ora, kahanane ya biasa wae, apa ya ora meksa ngono?”
“Hush, wis lah ora usah ngrasani tangga, awake dhewe penting yen diakon rewang ya rewang. Ora usah ngurusi liyane,”
***
Marni dipingit ing njero omah, ora oleh metu-metu karo ibune. Saktemene dheweke ya bosen dikurung kaya manuk ngeneki, ning ya piye maneh, kat mbiyen dheweke ora bisa mbantah apa sing diomong simboke.
Sakjane karepe Marni ora sreg yen diewuhke gedhen-gedhen. Pengene ya sing prasaja wae. Arep nyaruwe simboke ora wani. Ora tega ngrusak kesenengane arep nduwe gawe mantu sing mung pisan kuwi. Nanging dheweke ya sumelang perkara wragad, apa ya cukup wragad kanggo dheweke mantenan? Wis mbuh lah, Marni melu mumet.
“Marni.. awakmu rak kepengen metu ta? Ayo metu karo simbok, kowe kudu perawatan ing salon ben tambah ayu yen mantenan,”
Marni kaget. Salon? Kat kapan simboke mudheng salon-salonan? Kawit cilik Marni ora nate diajak nyalon-nyalon ngonokui. Ya mudheng salon nalika dheweke kerja ing kutha. Ning yen karo simboke, jan ora nate.
“Lha kok salon-salonan to Mbok? Marni wis cukup ngrawat awak dhewe kok, ora usah aneh-aneh,”
“Wis, kowe ora usah mbantah. Saiki gek ndang salin klambi. Tak tunggoni, aja suwe-suwe, selak  ngantri,”
Marni amung bisa ngomong “nggih”.
***
“Wah Lik Karto krungu-krungu arep mantu, kok isih macul wae?” aloke Parjan, tangga sawahe Karto.
“Hlo, apa dupeh arep mantu terus penak-penakan ning omah, yo ora ngono banget to Jan. hla sing arep ngopeni sawahku sapa jal? ” semaure Karto sak keplasan.
“Hla tak kira ya wis dicukupi karo mantu, ngono Lik. Ujare kandha calon mantune sampeyan wong sugih ngono,”
Karto sajak kurang sreg karo omongane Parjan, yen arep nesu ya ora pantes. Mula dheweke nyoba sabar, nglandhungke ususe. Wis bola-bali pitakonan ngonokui mampir ning kupinge.
“Sing sugih rak ya calon mantuku, ora aku karo bojoku. Wis ya Jan, tak macul sik, mengko gak ndang rampung-rampung yen kakean ngomong,” Karto sajak mungkasi rembug.
***
Ngarepke nduwe gawe, kabeh ubarampe wis pepak. Srinah ya tetep katon sibuk mrana-mrene, manjeri grup campursari, kandhan-kandhan karo tangga-tangga. Wis kaya politikus ameh kampanye ngonokae.
Kadhangkala Karto isin dhewe nalika kandhan-kandhan utawa ulem ing tangga-tangga, Srinah tansah ngatonake pamere yen arep nduwe mantu wong Jakarta, mulane kudu diewuhke gedhen-gedhen.
“Mbok ora usah keladhuk ngono to bune, ulem sak perlune wae, ngisin-ngisini,” Karto wis jengkel banget karo simboke Marni iki.
“Pakne iki pancen ora mudheng gengsi, ah wis to sampeyan iki kawit mbiyen senengane ngritik wae,” Srinah nyauri bojone karo mentil kacang, mbesengut.
Ora krasa, dina kuwi teka. Ewuh gedhen-gedhen sing arang ing desa kuwi kelakon tenan. Temu mantene gayeng, manten loro katon bagus lan ayu, pancen wis dhasare ngono apa karana riase sing top tenan. Dhayohe mbayu mili, wis regeng tenan pokoe. Ora lali hiburan campursari gawe ramene desa, penyanyine papat ayu kinyis-kinyis tenan, gek kenes pisan. Ora mokal yen sing nonton akeh. Sebab hiburan kaya ngono arang banget ing desane Karto sing mencil kuwi. Obsesine Srinah wis kelakon, nduwe gawe mantu gedhen-gedhen.
***
Karto karo Srinah pandeng-pandengan. Srinah sansaya serba salah. Bingung ameh njlentrehke masalah iki karo bojone.
“Piye bune, wis katog anggonmu seneng-seneng?” ujare Karto miwiti rembug.
Srinah amung meneng. Praupane anclum.
“Mau Pak Kusni mrene maneh, jare utangmu durung kok bayar. Selawase urip, aku ora nate nduwe utang semono akehe lho bune, kajaba utang sing wajar-wajar wae kanggo nyukupi kebutuhan urip,”
“Aku ora ngira lho pak yen penyanyine kae njaluk dibayar satus ewu per lagu, gek lagu sing dinyanyike akeh sisan,”
“Aku rak wis ngomong to mbiyen, penyanyi ora usah papat-papatan, yen perlu ora usah nanggap campursari barang, dikandhani kok ngeyel. Yen ngeneki sing susah ya sapa? Arep adol bengkok warisan kae? Sansaya kere awake dhewe bune bune. Iki jenenge kegedhen empyak kurang cagak!”
Srinah nangis mbeguguk. Nyesel, nanging percuma. Kabeh wis kedadean. Arep ngomong Marni ya ora tega. Saiki bocahe wis bali nyang Jakarta karo bojone. Batine Srinah mbiyen, ora apa cucul duit akeh dhisik, mengko rak ya diijoli mantune sing sugih kuwi. Pranyata?
“Selamat siang,” ana wong uluk salam. Karto kaget, banjur marani pawongan mawa sragam: polisi.
“Apa benar ini rumah Pak Karto?”
“Nggih, wonten napa nggih Pak? Madosi sinten?,” Karto guneman saambi ngewel, pancen dheweke wedi banget karo sing jenenge polisi.
Polisi kuwi njlentrehke masalahe. Dadi dheweke lagi nggoleki buronan sing jenenge Heru. Heru kuwi pancen pawongan sing seneng apus-apus. Mligine karo prawan-prawan. Soale Heru kuwi penjahat sing gaweane ngedol wanita sing meh didadekke PSK utawa diedol menyang luar negeri, istilahe saiki woman trafficking.
Karto ora bisa kumecap maneh. Pikirane suwung. Srinah nggeblak ora eling purwa duksina. Marni? Embuh piye kabare.
***

You Might Also Like

0 komentar: