KODHOK LAN BEKECOT (VERSI ASLI). DIMUAT DI MAJALAH PS, 14 SEPTEMBER 2013
Bekicot
karo kodhok mono kanca raket sing sedina-dina tansah bebarengan ing endi wae. Senajan
cara mlakune beda, sing siji cepet, sing siji nggremet, nanging kekarone wis
kaya sedulur sinarawedi.
Senajan
ngono, kadhangkala bekicot ngrasa Gusti ora adil, dheweke tansah iren karo
kanca rakete yaiku si kodhok, kena apa kok kodhok bisa sak kepenake dhewe
mencolot mrana-mrene dene dheweke mlaku wae angele pol, isih kudu nggawa omah
sisan. Wis pokoke rekasa dadi bekicot, ngono batine.
“Penak
ya Dhok dadi kowe ki,” ujare si Kicot marang Kodhok.
“Penak
piye ta sing kok maksud?” Kodhok ganti takon.
“Ya
awakmu ki lakune cepet, ning endi-endi bisa, ora nggremet lan kudu nggawa omah
kaya aku,”
“Hush,
aja ngomong ngono. Awake dhewe kudu tansah sukur marang Sing Nggawe Urip.
Apa-apa sing kok arani ala, durung karuan ala kanggo kowe, ngono suwalike. Yen
nuruti rasa meri, aku ya mesthi meri karo kowe Cot, ana bab sing kok nduweni
ning ora tak nduweni,” Kodhok nyoba menehi pangerten.
“Apa
iya to? Bab apa kuwi?” Kicot penasaran.
“Wis,
mengko lak awakmu ngerti dhewe,” ngomong ngono si Kodhok sambi nglungani.
Kicot meneng,
penasaran.
***
Dina-dina
lumaku kaya salumrahe. Semana uga Kodhok lan Bekicot tansah ngelakoni urip kaya
biasane. Ing sawijining dina nalika Kicot mlaku ijen, dheweke keprungu swara
njaluk tulung.
“Piyep..piyep..piyep,”
“Tulung..
anakku kecebur kali, huk..huk.. tuluuungg,” bengoke pitik babon kang anake
kejebur kali.
Si
Babon mlayu mrana-mrene golek pitulungan, nanging sajake dina iku kewan-kewan
padha lunga adoh, sepi. Si Babon saya kenceng anggone nangis amarga anak-anake
liyane uga melu nangis ndulu kahanan sedulure kejebur nanging ora bisa nulungi.
“Ana
apa mbok Babon?” takone Kicot sawise meruhi kahanan kasebut.
“Anakku
kecemplung banyu, tulungana.. huk huk,”
Si
Kicot pengen banget ndang aweh pitulungan, nanging mlakune sing nggremet iku
saya ndadekke kahanan tambah melas. Ing njero ati si Kicot nggresula amarga ora
bisa age-age aweh pitulungan.
Ing
kahanan kang saya mutawatiri kasebut, dumadakan Kodhok teka lan age-age aweh
pitulungan sing sarwa cepet amarga mlakune kang mencolot mencolot lan bisa
nglangi. Wusanane kuthuk kang kacemplung iku bisa ditulungi. Mbok Babon
ngaturke panuwun marang Si Kodhok.
Meruhi
kahanan kasebut ndadekane Si Kicot tansaya rumangsa ora nduwe guna urip ing
alam donya iki amarga ora bisa ngapa-ngapa nalika ana kang butuh pitulungan.
“Penak
ya dadi Kodhok, bisa aweh pitulungan cepet, ora kaya aku, prasasat ora ana
gunane,” aloke Kicot marang Kodhok.
“Wis
to Cot, aja nggresula wae, kabeh iku wis ana bageane,” wangsulane si Kodhok.
“Iya,
bageanmu akeh, nganti ora ana kanggo aku,” ujare Kicot mungkasi rembug.
Kodhok amung bisa nyoba
sabar.
***
Pirang-pirang
ndina iki sesambungan antarane Kodhok lan Kicot katon renggang. Kicot wegah
sapa aruh marang Kodhok senajan Kodhok wis nyoba nyedhaki.
“Apa
ta salahku marang awakmu Cot, yen pancen aku nggawe larane atimu, aku njaluk
ngapura,” Kodhok nyoba ngomong karo Kicot, nanging Kicot ora paring wangsulan.
Meneng wae.
Ah, pokoe Gusti ora adil anggote
ngripta awakku, ora bisa kaya kodhok. Ngono unine Kicot, ing
njero batin.
“Ya
wis, yen pancen awakmu ora gelem ngapurani aku, dak trima. Ning sing baku aja
terus-terusan nyalahke Gusti, Gusti ngripta titahe ora mungkin ora ana gunane,
ana wadi kang ora bisa kacandhak dening nalare menungsa kang sarwa winates,”
ngomong ngono Kodhok langsung mencolot ngadoh.
Omongane
Kodhok ora digape dening Kicot, dheweke nutukke anggone golek pangan. Lagi
sedhela nggremet dumadakan ana swara kang nggegirisi.
Klaaakkkk…klaakkkk…
Kicot
ndhangak, saiba kagete ora adoh saka panggone ana manuk elang kang lagi golek
mangsa. Age-age dhewekke ndelikke awake ing njero omah. Nadyan ngono elang
kasil nyengkerem dheweke, nanging kersane Gusti cengkereman kuwi mrosot lan
Kicot tiba ing sapinggiring kali, banjur glundhung ing njero banyu, kalis saka
bebaya.
Manuk
elang kasebut ora nututi dheweke, sajake pilih golek mangsa liyane. Kicot ayem
dheweke ora sida dadi mangsane si elang. Nanging saiba kagete nalika dheweke
weruh elang kasebut oleh mangsa kang banget ditepungi mbendinane. Ora liya si
Kodhok. Kahanane nrenyuhke, karana kulit lan daginge sing empuk, gampang wae
kanggone elang kang nduwe cakar sing landhep nujes anggane si Kodhok. Ing
kahanan antarane urip lan mati Kodhok sempet mbengok marang Kicot.
“Ya
iki sing tak maksud yen kowe aja nggresula terus marang Gusti,”
Kicot
rumangsa getun lan keduwung. Sasuwene iki ora nate muji sukur marang Gusti,
malah suwalike dheweke seneng nggrundel amarga rumangsa ora nduwe guna urip ing
donya iki. Dina iki dheweke oleh piwulang urip kang larang banget, yaiku kudu
ndulu kanca kinasihe kang dadi mangsane elang supaya dheweke bisa sadhar saka
kaluputane sasuwene iki.
***
0 komentar: