Jodho Kanggo Bapak. Kapacak ing Majalah Jayabaya Edisi 28. 3 Maret 2013
Wancine
wis wengi. Wis jam rolas kurang sepuluh menit. Sedhela engkas memedi padha
njedhul yak’e. Nanging aku isih betah
ning kene, nggarap tugas kuliahku ning cedhak jendhela. Aku paling seneng
lungguh kene, jendhelane dibuka, angine semilir, isa mandeng sesawangan ning
njaba. Ning kene ora akeh nyamuk, dadi santé wae.
Emane,
ana siji sing ilang saka kene. Mbiyen jaman cilikku, aku mesti isa nyawang
rembulan saka jendhela kamarku iki. Nanging saiki sesawangan kuwi wis malih
dadi gedhung tingkat, nutupi rembulan ing suwalike. Tekan saiki, aku isih
durung paham, kena apa kok sing nduwe proyek kuwi mbangun gedhung dhuwure kaya
ngono. Ora ngerti yen aku sejatine ora lila.
“Durung turu to Nduk, wis wengi, gek
jendhelane ndang ditutup, marakke masuk angin hlo,” dhawuhe Bapak ngageti aku.
“Oh.. Nggih. Hla Bapak piyambak kok
dereng sare?,” aku genten takon.
“Durung isa turu, ujug-ujug kelingan
Ibumu,”
Aku isa ndeleng pasuryane Bapak sing
nandang sungkawa. Wis suwe kedadean kelangan Ibuk, nanging tatu ing atine bapak
durung bisa ilang nganti saiki.
“Mpun to Pak, ampun diemut-emut
malih. Ibuk sampun sumare ing alam kelanggengan. Luwih becik kita kirim donga
mawon, supados Ibuk mboten sedhih,” tak eyem-eyem atine Bapak.
“Iya, bener kandhamu, aku sing
kebangeten anggonku tresna marang ibumu,”
“Nggih mpun, sakniki Bapak istirahat
mawon. Kula tak nggih tilem, enjing-enjing wonten kuliah pagi,”
Bapak wis arep sare ing kamare.
Jendhela tak tutup, lampu tak pateni. Muga-muga sesuk ora telat tangi.
***
Perpustakaan kampus dina iki ora
patiya rame. Kebeneran aku isa nggarap tugas kanthi tenang, ora kemrungsung
merga akeh wong. Dumadakan ana wong sing ngageti aku.
“Heh, Candra, serius men,” ujare
samba nepuk pundhakku. Iku sing nggawe awakku adhem panas.
“Eh Mas Bayu. Mbok aja ngageti ngono
hlo, mengko yen aku nganti njerit isa digemplang karo wong-wong ning perpus
iki,” wangsulanku semu mrengut.
“Wis lah, rasah mrengut ngono,
mengko ayune ilang,”
“Halah, gombal mukiyo. Prett..,”
“Haha Mukiyo ancen jeneng rewangku
ning omah, tukang pel, hihi,”
Aku ora mangsuli, mripatku isih fokus marang tugas-tugas kuliah sing
marai nggliyeng. Alesan nomer loro, aku ora wani nyawang raine mas Bayu, isa salah tingkah dhewe aku.
“Eh iya Can, aku oleh titipan saka Ibu,
kanggo Bapakmu,”
Bathukku mengkeret “Titipan? Titipan
apa Mas?,”
“Ora ngerti, aku mung diwenehi
amplop iki, tulung ya aturke Bapakmu,” Ujare Mas Bayu, tangane ngelungke
amplop.
“Hmm…iya mas, suwun ya. Mengko tak
aturke Bapak,”
“Ya wis, aku tak mlebu kelas dhisik
ya. Suk yen sempet ketemu maneh, aku kesusu soale,”
Aku manthuk. Mas Bayu lunga. Aku
isih mandeng amplop kuwi. Penasaran.
***
Sak ndalan-ndalan pinuju omah atiku
isih kebak pitakonan. Ibuke Mas Bayu nitip amplop kanggo bapak? Gek isine apa?
Bu Risma iku kan rencange Bapak, padha-padaha guru ing sekolahan sing padha.
Lha kena apa kok ndadak dititipke mas Bayu? Kok ora diaturke dhewe? Arep tak
buka ndhisik kok ya ora sopan banget. Ya wis lah, becike age-age tak aturke
Bapak.
Tekan omah, kahanane suwung. Bapak
durung kondur. Tasku tak selehke kamar, ngaso sedhela, bubar iku masak kanggo
dhahar Bapak mengko. Ya ngeneki yen ora nduwe ibu, aku kudu nggenteni paragane.
Idhep-idhep mbales budhi karo bapak sing wis nggedhekke aku nganti dadi kaya
ngene.
“Assalamualaikum,” keprungu swarane
Bapak uluk salam.
“Waalaikumussalam,” wangsulanku saka
pawon.
“Kok nembe kondur pak?,”
“Iya Nduk, ana rapat mau ning
sekolahan. Wah wetengku kok luwe ya, mambu masakanmu iki, sik tak ngaso
sedhela, yen wis mateng omongi ya Nduk”
“Nggih Pak,”
Aku nutukke anggonku masak, mung
jangan lodheh lawuh gereh ora lali sambel. Dadi ya cepet. Aku wis ora sabar
pengen ngaturke amplop saka Bu Risma marang Bapak.
Ora let suwe masakanku mateng, bapak
ya wis rampung anggone ngaso. Dak ladeni, dak kancani dhahar. Bapak crita
ngalor ngidul bab sekolahan, aku ya crita kuliahku dina iki, nganti ora kerasa
Bapak wis rampung olehe dhahar. Tak resiki lan tak isahi piringe. Bubar iki aku
matur karo bapak.
“Bapak, dhek wau wonten titipan
amplop saking Bu Risma,”
“Bu Risma? Risma sapa? Risma kancane
bapak kae?,” pitakone bapak semu gumun.
“Nggih Pak, Bu Risma rencang guru
punika,”
“Kok isa dititipke kowe? Nalare?,”
“Dhek wau Mas Bayu ingkang maringi,
ngendikane niku titipan saking Bu Risma. Punika amplopipun pak,” amplop tak
paringke bapak. Aku lungguh ning jejere.
Bapak katon serius anggone maca. Sakjane aku ya pengin melu maca. Tapi ya gak
sopan banget yen melu-melu. Dadi aku ngenteni dhawuhe bapak sakbanjure.
“Pripun Pak?,” tak wanek-wanekke
tekon.
“Hhh.. aku durung isa ngomong Nduk,
mengko ya yen Bapak wis siap,” ngendikane Bapak karo aku. Bubar kuwi Bapak
pamit ning njero kamar lan ora metu maneh nganti esuk.
Bab iki marakke aku sansaya gumun.
Jan-jane ana apa.
***
Wis telung dina saka kedadean ning
meja dhahar iku. Nanging aku durung oleh wangsulan sing jelas saka rasa
penasaranku iki. Aku ora wani ngrembug perkara iku. Tak enteni nganti bapak
kersa crita dhewe marang aku. Mestine iku bab sing wigati banget nganti ndadekake
pasuryane bapak beda.
Aku ya durung ketemu Mas bayu maneh.
Aku pengen takon marang dheweke. Sapa ngerti weruh. Dina-dina iki aku disibukke
karo tugas kuliah, dadi ora kober nggoleki Mas Bayu sing pancen beda fakultas.
“Chandra..,”
Hlo ta, lagi wae tak rasani, kok wis
njedhul.
“Eh Mas Bayu.. saka endi Mas?,”
“Bubar konsul skripsi. Oh ya,
longgar gak? Ayo tak traktir maem Soto Kering,” ajake Mas Bayu, mingini.
Aku kaya kebo dikeluh, manut wae.
Biasane ora hlo, aku mesti nolak yen diajak maem cah lanang. Mungkin sing iki
rada spesial. Hehe.
Mas Bayu pesen Soto kering karo es
teh loro. Aku pancen seneng menu Soto kering ning kantine Bu Siti iki. Enak lan
unik. Samba maem Soto, aku diajak ngobrol Mas Bayu. Pisanane ora obrolan sing
abot, nganti tekan ukara iki.
“Sak jane, aku iki seneng kowe Can,
upama ora ana alangan aku mesti wis wani nembung kowe,”
Aku mingkem, cep klakep. Ora mudheng
apa sing diomongke Mas Bayu. Saksuwene iki aku pancen mendhem rasa tresna
marang dheweke, tapi ora ngira yen Mas Bayu ya seneng aku.
“Karepmu iki piye to Mas? Tresna
aku? Alangan? Aku isih durung ngerti,”
“Kowe kelingan kan, amplop sing tak
wenehke awakmu wingi?,”
Aku manthuk. Mas Bayu mbacutke
anggone crita. Saben ukara tak rungokke, tak ematke, tak pesthekke yen aku ora
salah krungu. Nganti ukara sing pungkasan, aku wis mbrebes mili. Ora nyana yen
kedadeane bakal kaya ngene. Aku mulih ngarepake udan, sengaja aku mulih dhewe
ora payungan, ben luhku sing mbrebes iki kesamar dening banyu udan.
***
Ceritane ngene, dadi sakdurunge
mbobot aku, ibu divonis nduwe penyakit lemah kandungan dening dokter. Yen Ibu
mbobot, resikone dhuwur banget. Nanging Ibu ngotot pengen mbobot aku. Jaman
semana pancen ibu lan bapak kepetung suwe anggone nduwe anak, sepuluh tahun ningkahan,
lagi diparingi aku. Dadi senajan oleh vonis penyakit apa wae, ibu tetep pengen
mbobot lan nglairake aku.
Apa mungkin wis krasa yen uripe Ibu
ora suwe maneh. Wektu umur wolung wulan ning njero kandhungan, ibu nulis wasiat
kanggo Bu Risma, kakak tingkat kuliahe mbiyen. Bu Risma sing kala iku nyandhang
status randha anak siji amarga garwane tinggal donya nalika ngayahi tugas
minangka TNI, dipeseni ibu, supaya mengko yen panjenengane ora ana, gelem
nggenteni posisine. Pancen wis garising pepesthen, ibu tinggal donya nalika
nglairake aku. Bapak nandang dhuhkita kang jero banget. Senajan dipeseni ibu
supaya omah-omah maneh, tapi Bapak luwih milih urip ijen nggedhekke aku tanpa
bojo. Semana uga Bu Risma, panjenengane iku jan-jane ora pengen omah-omah maneh.
Marga iku, nganti aku gedhe, Bapak lan Bu Risma durung njangkepi pesene ibu.
Amplop kuwi surate Bu Risma kanggo
Bapak, amarga ora wani maringke dhewe, akhire dititipke Mas Bayu. Isine nakonke
bab wasiate Ibu. Ana sing meh ngepek Bu Risma, tapi Bu Risma ora kersa, dadi
yen arep nolak kudu nduwe alesan sing kuat. Bu Risma pilih omah-omah karo Bapak
daripada karo wong liya. Ora karana ngebet banget, tapi nggenepi wasiate ibu,
jarene wasiate wong sing wis ninggal wajib dilakoni angger ora nerak sareat.
“Saiki kepriye panemu mu Nduk? Bapak
sejatine wis emoh mikir omah-omah. Wis cukup nduweni kowe. Nanging, perkara iki
ora gampang. Ana perjanjen jaman mbiyen sing durung bisa tak jangkepi,”
Aku pengen nangis, nanging tak
betah-betahke. Aja nganti bapak ngerti luhku netes. Kaya ngapa tresnaku karo
Mas Bayu ora bisa ngalahke tresnane bapak marang aku. Aku minangka anak kudu luwih
mentingke rasa bekti marang wong tua timbang nggagas kepentinganku dhewe.
“Nggih, kula namung bisa paring
restu kagem Bapak. Yen bapak seneng, kula nggih ndherek seneng,” wangsulanku
kanthi ukara sing tak normal-normalke. Tak tatag-tatagke atiku.
Mungkin pancen kudu ngene nasibku.
Aku ora jodho karo Mas Bayu minangka bebojoan, nanging aku kudu dadi sedulur
kuwalon. Mungkin pancen Bu Risma jodho kanggo bapak, aku mung bisa pasrah wae.
Selawase urip aku durung nate ngerasakke nduwe ibu, iki mungkin wangsulane
Gusti Alloh saka dongaku, senajan calon ibuku kuwi Bu Risma, ibune Mas Bayu.
0 komentar: