DONGENGE PITIK KARO BEBEK (Kapacak ing Majalah PS 11 Mei 2013)
Dina
iki dadi dina sing paling nyenengake kanggone si Blorok, amarga endhog-e siji
mbaka siji padha netes. Si kuthuk kang lagi netes padha piyep-piyep nggoleki
simbok’e. Kanthi rasa asih si Blorok ngarasi anak’e siji-siji.
Limang
endhog wis netes, kari siji sing durung. Si Blorok setya ngenteni netese
sinambi ngekep anak-anak’e liyane. Ning njero ati si Blorok mbatin, kok
endhog’e sing siji durung netes, aja-aja kopyor alias ora dadi.
Ora
let suwe saka pangirane si Blorok, endhog’e sing paling pungkasan iku netes.
Kabeh padha nyekseni metune si “kuthuk” iku. Mak jleb, lha kok praupane beda,
ora mung ulese kang beda karo anak-anak’e liyane, nanging bentuk awake uga
beda, luwih gedhe saka liyane. Si “kuthuk” iku tetep nggoleki simboke, sanajan
ora piyep-piyep kaya sedulure liyane.
“Mbok,
kok dhewek’e beda karo wake dhewe? Rupane ala kaya ngono?,” celuluke salah
sijine kuthuk.
“Iya
Mbok, gek-gek ora anake simbok, aku wegah seduluran karo dheweke, aku isin,
rupane elek,” kancane siji nimpali.
Blorok
kang ora tega nyawang anak’e kang beda dhewe iku rumangsa keranta-ranta.
“Ayo,
mrenea cah bagus anake simbok, aja ning kono wae, mundhak kanyepen,”
Si
Blorok kang ora mbedakake kabeh anak’e narima si aneh kasebut. Kabeh padha
golek anget ing suwalike suwiwine si Blorok, amarga dina iku pancen rampung
udan.
***
Awan
iki si Blorok ngajak saba anak-anak’e adoh saka kandhang. Kabeh padha dolanan
samba guyon. Si Blorok bungah atine ngerti anak-anake wis padha bisa gegojegan.
Ora lali diwelingke supaya ora lali mangan.
Nanging
ana sesawangan kang nggawe Blorok kebak pitakonan, si Ala sajak nandang
sungkawa. Dheweke ora melu dolanan karo sedulure liyane.
“Kena
ngapa ta anake simbok sing bagus iki kok praupane anclum wae?,” pitakone Blorok
kebak rasa tresna.
“Aku
ora oleh dolanan karo sedulur kabeh, jarene aku ala, gedhe tur medeni,”
wangsulane si Ala karo mbrabak.
“Wis
ora usah kok lebokke ati, pancen panemu kabeh wong iku beda-beda, sing penting
kita kabeh kudu nglakoni bab sing becik, ati becik iku luwih wigati tinimbang
rupa,”
Krungu
wejangane simboke si Ala ora sedhih maneh. Dheweke mlayu nyoba pengen melu
dolanan karo liya-liyane.
Durung
nganti melu dolanan, dumadakan ana swara njaluk tulung kang nggawe giris.
Tibake ana salah siji anake Blorok kang kejegur blumbang. Kabeh padha ora wani
nulungi kerana wedi kejegur dhewe. Blorok kang bingung ngupadi anake supaya
bisa selamet amung bisa nangis gira-gira.
Ngerti
sedulure ana ing bebaya, si Ala langsung njegur blumbang. Dheweke cancut
taliwanda nulungi sedulure kuwi, ora mikirke bakal selamet apa ora. Dheweke
kelingan welingane simboke yen urip iku kudu tansah ngelakoni kabecikan, rupa
bagus utawa ala ora dadi ngapa.
Wusanane
si kuthuk kang kecemplung kuwi bisa diselametke dening si Ala. Kabeh padha tetangisan
seneng.
“Lho,
kok si Ala bisa nglangi?” ujare salah sijining kuthuk.
Kabeh
padha nggatekke si Ala kang ciblang-cibluk sajak penak anggone dolanan banyu.
Gumun.
Sanajan
isih gumun, nanging Blorok gagenan aweh wejangan marang anak’e kabeh.
“Dina
iki bisa disekseni, dulure kowe kabeh kang kok celuk si Ala kuwi rampung
nandhangi kabecikan pindha satriya. Saiki kabeh padha matur nuwun, aja
mbedak-mbedakke maneh. Kabeh iki dulure dhewe,”
Krungu
ngendikane simboke, kabeh kuthuk padha sadhar yen sasuwene iki padha nglakoni
bab kang salah, kabeh padha njaluk ngapura lan ngucapke matur nuwun marang
kadange kang mbiyene diceluk si Ala iku.
Si
Ala kang seneng banget krungu pangucapke sedulur-sedulure iku langsung munggah
ning ndharatan. Dheweke ngekep simbok lan dulur-dulure. Kabeh padha kekepan
kebak rasa tresna asih, ora ana sing dibedhakke maneh.
Nganti
sakiki si Ala ora paham kena apa dheweke bisa nglangi nanging simbok lan
sedulure ora bisa. Ya mesthi wae dheweke bisa nglangi, wong sejatine dheweke
iku dudu anak pitik, ananging anak bebek!
0 komentar: