LELAKON URIPE PRI (SOLOPOS, 9 JANUARI 2014)
Pri
lagi wae mulih anggone kerja, awake kesel banget. Kerja minangka kuli angkut
pancen nggawe awak remuk, nanging pengasilane ora mingsra. Tekan omah pengene
disuguhi eseme bojone, sukur-sukur dicepaki wedang lan dipijeti. Ora ketang mung
iku nanging wis bisa marai awak marem. Nanging bab kaya ngono sasat ora nate
dialami dening Pri, aja kok dipijeti, disuguhi ulat padhang bojone wae ora tau.
Anane mung nesu-nesu wae.
“Ora
ana dhuwit nggo tuku kopi, nggo nempur beras wae megap-megap. Rega kabeh
mundhak, anak sansaya gedhe, mbutuhke wragad. Nduwe bojo ora bisa dijagakke
pengasilane,” Lastri ngomel-ngomel karepe dhewe.
“Wong
mbok aja nesu-nesu wae ta, apa aku iki ora tau nggolekke pangan, tak rewangi
dadi buruh angkut, kesel-kesel tekan omah isih wae mbok semprot, lek mu
kebangeten kuwi lho Las,” Pri kebrongot, dhasare hawane ya kesel dadi kudu
nesu.
“Buruh
angkut ki asile sepira? Yen aku ora ngewangi dadi buruh umbah-umbah paling ya
kendhil wis nggoling. Mbok kana lunga golek dhuwit sing luwih gedhe. Wong
lanang kok ora trangkas blas,” omongane Lastri sansaya sengak.
“Mbok
kira gampang apa urip ning paran? Durung mesti isa entuk dhuwit gedhe, apa isih
kurang lek ku nyambut gawe sasuwene iki? Lak ya ora nganti ora mangan ta? Kowe
ki dadi wong ora tau bersukur,” Pri emoh kalah.
“Ya
wis, nek ngono aku sing lunga wae yen sampeyan ora gelem,” panantange Lastri.
“Sakarepmu,”
bengoke Pri karo metu saka omah. Luwih penak cangkruk nang wedangan tinimbang
diamuk bojo wae.
***
Satekane
ing wedangan, Pri dadi bahan olok-olok wong-wong sing padha cangkruk ing kono.
“Ngapa
Pri? Diamuk mbok wedok maneh?” aloke Saptono karo mangan sate keyong.
“Mesakke
men uripmu Pri, wong lanang kok korban KDRT,” imbuhe Darmo, bakul wedangan.
Dheweke wis jeleh krungu tang-teng-tang-teng krompyang, Lastri mbalang apa wae
kang dicekel.
“Kandhani
kok lik, aku ki pancen korban KDRT, ning ora ana sing percaya, mergane korban
KDRT biasane wong wedok,” Pri nguntabake uneg-unege marang kanca-kancane.
Ing
wedangan, Pri bisa nglalekake lelakone raketang sedhela. Jan-jane ya luwih
seneng ngudharasa karo bojone dhewe sambi ngombe wedang ing omah, ning kuwi
tangeh nganggo lamun. Piye maneh, kahanan ora sarujuk karo kekarepan. Pri
ngerti, ora apik ngumbar wewadi bale somahe , nanging dheweke bingung arep
cerita karo sapa. Tinimbang sumpeg, luwung ngomong ngalor ngidul sambi
gegojegan. Tur ya wis akeh sing weruh yen anggone omah-omah wis ora sehat
maneh. Saben padu, Lastri mbengoke sora banget, kathik karo nguncalke
barang-barang sakarepe dhewe, kepriya tanggane ora krungu. Pri mung bisa nyoba
sabar, amarga mbiyen le omah-omah karo Lastri ya pilihane dhewe, ora merga
dipaksa dening wong tua. Lastri, kembang desa kang lugu lan alus bebudhene
saiki kok malik grembyang. Pancen cupete kahanan ekonomi bisa ndadekake wong
kalap. Ah, apa aku ki salah pilih,
batine Pri.
***
“Kang,
aku titip Abed, aku lunga menyang Hong Kong sasi ngarep,”
Pri
njomblak, kaya krungu bledheg ing wayah terang. Ora ngiro sing wadon bakal
nekad kaya ngono. Wing-wingi dheweke amung nggertak. Kok ya nggawe keputusan
sakarepe dhewe, ora njaluk pertimbangan dheweke minangka kepala rumah tangga.
“Apa?
Kowe ngomong apa, Las?”
“Aku
arep lunga dadi TKW. Mbak Ri, anake budhe nawani aku kerja nang kana. Kabeh wis
diurusi dhekne, aku mung kari mangkat,” jlentrehe Lastri, entheng banget.
“Kowe
nindakke kuwi karo sesidheman ngono? Ora njaluk pertimbanganku sik? Aku ki apa
ra mbok anggep maneh? Aku iki bojomu, kepala rumah tangga,” Pri kecandhak
atine, rumangsa ora dianggep maneh.
“Yen
aku ngomong karo sampeyan, mesti ora bakal mbok setujoni, Kang. Aku ora betah
urip nyenen-kemis kaya ngene terus. Yen pancen kepala rumah tangga ora isa
dijagakke, ngapa aku kudu njagakke? Luwung aku lunga golek upa dhewe. Ra sah
sumelang, aku ora bakal lali kirim dhuwit kanggo sampeyan lan Abed,”
“Yen
pancen awakmu puguh pengen kerja, apa ya ra nang Indonesia wae, ora usah
adoh-adoh ngono Las, mesakke anakmu,”
“Luwih
mesakke maneh yen anakmu kuwi ora mangan, Kang. Wis aku aja mbok penging maneh,
tekadku wis manteb pengen golek dhuwit gedhe,”
Pri
ora bisa kumecap maneh, arep mbantah, dheweke ora bisa. Rumangsa salah. Nanging
ya apa kudu terus njupuk keputusan sak geleme dhewe? Lastri.. Lastri.. pancen
nggawe jibleg ing pikir.
***
“Bapak,
ibu teng pundi?” takone Abed marang Pri, nalika weruh kancane diboncengke
ibuke.
Krungu
pitakone anak lanange sing umur limang taun iku, Pri kranta-ranta. Atine kaya
diiris-iris. Melas.
“Ibu
nggolek dhuwit Le,” wangsulane Pri, lirih.
“Kok
mboten wangsul-wangsul? Abed kangen ibu,” ngomong kaya ngono karo rada mbrabak,
pengen nangis.
Pri
ngekep anake, direh-reh supaya meneng. Sak angel-angele ngereh-reh anake, isih
luwih angel ngereh-reh atine dhewe. Pri nangis, senajan ora metu luhe, nangis
ing njero batin, ora mental nyawang kahanane anake.
Wis
rong taun iki Pri ditinggal bojone ing paran. Mbiyen janjine mung setahun tok
nang kana. Nanging mbuh kenapa dumadakan dheweke ngabari yen kontrake
diperpanjang. Mbiyen bojone iku isih asring aweh kabar, nakonke Abed, anake.
Rutin kirim dhuwit, pokoe yen masalah finansial ora tau kurang. Senajan kiriman
dhuwit bojone bisa kanggo ndandani omah lan ongkos mlebu TK ne Abed, nanging
tetep ana sing kurang. Bocah seumuran Abed kudune isih entuk kawigaten saka
simboke. Nanging kuwi ora dinduweni Abed, amarga kawit cilik wis ditinggal
simboke. Saiki, Lastri wis ora tau aweh kabar maneh, ora tau kirim dhuwit, lost contact, kaya ilang diuntal bumi.
Ditakonke marang keluwargane ya padha ora mudheng.
Kanggone
Pri, wis ora penting maneh Lastri isih kelingan dheweke apa ora, isih gelem
karo dheweke apa ora. Ora penting. Sing dadi pikirane Pri amung anak lanange
siji kuwi. Jan-jane dheweke ora betah saben ndina ditekoni anake ing endi
simboke. Bocah sing isih polos kasebut mung pengen pethuk simboke, ora ngerti
kahanan urip sing sabenere.
“Dhuh
Gusti, paringana pituduh ing endi dumununge Lastri, mesakke lare kula Gusti,”
tangise Pri sabubare sholat.
***
Amarga
nyambutgawene tumemen, Pri oleh kapercayan dening Kaji Rusman, bose Pri,
ngopeni kios buahe. Dadi awake saiki wis ora nguli maneh. Tur ya wis bisa
kredhit motor. Panguripane wis lumayan. Ora nyenen-kemis maneh kaya sing mbiyen
diomongke Lastri. Jan-jane Pri wis bisa nyenengke Lastri, upama Lastri gelem
mulih.
Lagi
wae sibuk ngladeni pembeli, dumadakan Pri dikagetke karo sawijining wong sing
mbengok karo mlayu gopoh-gopoh.
“Kang..
Kang Pri.. bojomu bali,” ngono bengoke Jumadi, anake paklik-e sing manggone
tunggal gedheg karo omahe.
“Ana
apa Jum? Kene kene ambegan sik, kowe omong apa mau?”
“Bojomu
bali kang..,”
“Bojoku?
Lastri? Tenanan kowe? Bed.. Abed.. ibumu bali, Le,” Pri ora bisa ndhelikke rasa
senenge. Abed kang mbeneri melu bapake dodolan amarga libur sekolah melu seneng
krungu kabar kaya ngono.
“Iya
kang.. Yu Lastri bali…”
“Alhamdulillah
Gusti, ayo Jum bali, Sir Basir.. tungganana kiose sik ya, aku tak bali,” Pri
ora sranta selak kepengen mulih. Kiose dititipke kanca sebelahe.
“Eh
sik kang…” Jumadi bingung anggone pengen cerita.
“Ana
apa maneh? Ayo mulih tak boncengke,” perintahe Pri samba nyetater motor.
Tenan,
tekan omah wis ana mobil diparkir ing ngarep omahe Pri. Pri ora maelu, dheweke
langsung mlebu omah nggoleki Lastri.
“Lastri…,”
bengoke Pri kanthi swara kang banter. Ing omahe wis ana wong wedok sing
dandanane lumayan high class lan
kanthi praupan beda, nanging isih bisa disetiteni yen iku pancen Lastri. Abed
kang weruh ibuke, senajan pangling, langsung mlayu ngekep simboke karo nangis,
kangene bocah iku pancen wis tekan mbun-mbunan.
Yen
Abed langsung mlayu ngekep simboke, ora ngono kanggone Pri. Ing ndalan mau
pancen Pri pengen nindakake kaya sing dilakoni Abed, nanging kuwi wurung,
amarga Lastri ora mulih dhewekan. Ing sandhinge ana priya mawa mripat kalup lan
kulit kuning. Yen gelem nyetiteke maneh, badhane Lastri uga beda. Ana nyawa kang
urip ing wetenge Lastri. Pri wis bisa nggraita.
“Ibu..
ampun tindak malih, Abed kangen ibu..” kekepane Abed dikencengi maneh. Kudune
minangka simbok, Lastri mbales ngekep. Nanging ora kaya ngono kedadeane. Lastri
ngeculke Abed. Abed bingung.
“Ibu..
ibu.. lak mboten tindak malih to?” takone Abed marang Lastri, polos.
Lastri
ora wangsulan. Malah dheweke ngomong karo Pri.
“Kang
Pri, aku ora usah ngomong, mesthine sampeyan wis bisa ngira. Tekaku mrene iki
mau pengen njaluk pegat. Aku butuh surat resmi pegatan. Amarga aku arep urip
nang Hong Kong melu Koh Ahong. Dheweke sing bisa nggawe aku seneng sasuwene
iki. Tak jaluk lilamu, aja ngarepke aku maneh,”
Emosine
Pri ora bisa kebendhung maneh. Yen mung ditinggal lunga suwe awake isih trima,
nanging yen diidak-idak harga dirine
kaya ngene, dheweke ora trima. Dheweke mbengok seru banget.
“Pikiranmu
mbok deleh ngendi Las? Olehmu kegiwang mripat kalup kok bangeten men. Aku wis
biasa mbok idak-idak kawit mbiyen. Aku trima terus Las, aku trimaaaa. Pancen
aku ki ora bisa nyenengke kowe, aku iki wong kere, Las. Kere.. sing ora ana
ajine tinimbang klaras. Ora papa yen aku mbok tinggal minggat, ning apa kowe
wis ora nduwe ati ninggal anakmu sing saben ndina nakonke nang endi simboke?
Tega kowe Las? Mbok modhel apa kowe ki?”
Lastri
ora wangsulan. Koh Ahong ing sandhinge amung bisa plonga-plongo, ora mudheng
padha ngomong apa kok nganti nesu-nesu.
“Lastri,
dina iki, kowe tak pegat! Saiki kowe wis ora bojoku, minggata kana nang Hong
Kong, seneng-senenga. Aku isih nduwe Gusti sing paring piwales marang kowe,”
Lastri
metu saka omah karo nggeret tangane demenane. Abed sing mau arep nututi simboke
karo nangis. Dipenging bapake, bocah iku diruket kenceng.
“Ibu…
ampun tindak malih.. Abed kangeenn,” bengoke Abed, ngiris ati.
Pri
amung bisa meneng. Nyoba tatag ngadhepi kahanan kaya ngene. Pancen iki lelakon
urip sing kudu diadhepi. Garising pepesthen sing ora bisa diselaki.
***