KADHO SPESIAL. Kapacak ing Majalah Jayabaya Edisi 23. 1 Februari 2013
Bekti
marang wong tua iku lak kewajibane anak to? Iya, tak kira kowe kabeh yo ngerti
perkara iku. Ning, yen bekti kuwi kanggo perkara sing ora pati becik kepriye?
Lak yo harak ta. Yuh bingung ra nek ngeneki ceritane. Kaya ceritaku iki, ya jan-jane
sih ora perkara sing gawat banget, tapi kanggoku iki lumayan penting.
Ngene
hlo, aku kuwi wong sing sengit banget karo wong sing seneng udud. Wis ta, yen
ngerti ana sing klepas-klepus, aja meneh ning nggon umum, utamane bis, huh aku
tambah sengit. Wis ambune ra enak, paru-paruku melu terancam kena penyakit. Ora
toleran blas.
Emane,
bapakku kuwi seneng banget udud. Sedina rong wungkus iku wis mesthi. Durung
meneh yen lagi kakean pikiran, saya tambah. Nah, sing dikongkon tuku ya mesthi
aku iki, anake. Ya apa meh ra mangkat? Nek kuwalat piye? Ning, aku ya gak lila
yen dhuwite bapak kuwi diobong ngono. Gek mesthi bapak tumbase rokok sing
larang. Jan mubadir, mending dienggo liyane sing luwih katon paedahe.
“Nduk,
bapak tumbaske rokok kaya biasane ya,”
Lak
tenan ta, lagi wae diomongke. Bapak wis dhawuh tumbas rokok. Nek ngeneki aku ra
isa ngapa-ngapa, kajaba ngomong “iya”.
“Nggih
Pak,”
Hlo
kan, aku ngomong iya? Kandhani kok, aku ki ra wani mbantah dhawuhe bapak. Gek
bapak ki yen maringi dhuwit mesti ngepas, ora tau turah. Mending ya yen turah,
isa dak jupuk, hehe.
Rokok
wis dak tumbaske, tak deleh meja. Kaya biasane bapak mesthi langsung mundhut
siji, diobong. Uh, siji kuwi pirang ewu ya, kok mung diobong ngono, kaya barang
muspra.
“Bapak
kok remen ngrokok ta? Mboten sae lho ngge kesehatan,”
“Jare
sapa? Ora apik iku lak yen pikirane wis ra apik dhisik. Yen digawa seneng ya ra
ngefek ning kesehatan,” bapak iku senengane pancen ngeles.
“Huu,
bapak ki kok mesthi ngoten. Sanese mboten sae, rokok niku boros,”
“Alah,
isih cilik kowe iki, durung ngerti apa-apa,”
Jengkel
ora coba? Banget. ngeneki ya yen ngomong karo wong tua. Kabeh-kabeh salah, yen
luwih senior tegese bener terus ngono ya? uh, iku bapakku dhewe hlo. Becike
meneng wae lah, lagi wegah padu aku.
***
Iseng-iseng
aku ngetung-etung pengeluarane bapak dingo tumbas rokok. Gae gampange, upama
sak bungkus kuwi regane Rp. 14.000, sedina tuku rong bungkus, berarti totale
Rp. 28.000, dipingke sewulan, ketemu Rp. 840.000. Wah, akeh tenan ya? dhuwit
semono mung diobong? Haduh.
Iki
jenenge wis klebu gawat darurat, mligine ning bab finansial. Wah aku ora isa
meneng wae. Aku kudu do something ki.
Tapi apa ya? kene mbok aku disumbang ide. Sapa ngerti tok cer. Hmm.. wis lah
kesuwen, aku wis nduwe ide saiki. Aja ngomong-ngomong bapak ya, mung kowe iki
sing tak kandhani.
Dadi
ngene, aku sedina kudu nyisihke dhuwit sing padha karo rega rokoke bapak.
Kebutuhan sing gak penting banget ora tak gagas. kajaba iku aku ya kudu
ngorbanake kebutuhan utawa kasenenganku, aku wis gak tau numpak becak jemputane
Lik No, tuku pulsa tak irit-irit. Pokoe aku kudu isa nyelengi padha karo rega
udude bapak.
Bapak
ya gumun jane, aku saiki wis ra tau numpak becak. Kamangka biasane aku wis
langganan karo Lik No. Alesanku pengen mlaku wae, perkara Lik No ora nduwe
pemasukan saka keluargaku, wis ora usah mbok pikir, aku wis nduwe solusine,
cukup aku sing ngerti, kowe ora usah ya?
Ora
masalah yen aku kudu mlaku. Wong sekolahku ora sepira adohe kok. Malah yen
mlaku ngeneki aku isa ndeleng sesawangan kiwa-tengen rada suwe. Akeh inspirasi saka kene. Tibake asik tenan
ya, awakku ya dadi tambah sehat.
“Eh
Retno, kok saiki ra tau mbecak meneh to?,” takone Reni, kancaku sebangku.
“Golek
suasana baru wae. Bosen kok mbecak terus,” wangsulanku sak kenane.
“Oh
ngono, gumun wae. Tak kira kowe iki ra bakal gelem mlaku kaya aku,”
“Ya
ora ngono lah. Mbok kira aku ki ndara ratu pa piye? Ya wis saiki awake dhewe
barengan ae ya, tak ampiri ning omahmu,” ajakku marang Reni.
“Wah
sip, diwiwiti sesuk ya,”
Saiki
pancen aku mangkat karo mulih sekolah asring bareng Reni. Bocahe semanak ora
anggak, dadi ya penak yen diajak diskusi bab apa wae. Aku ya asring nggarap PR
ning omahe Reni. Ora krasa ameh setaun aku akrab karo rutinitas iki.
26
Januari, iku seminggu maneh. Iku tanggal spesial hlo. Eh tenan kok, tanggal iku
dina tanggap warsane bapak sing kaping 55. Ya nek basa gaule, ulang tahun, birthday jare wong manca. Ning
keluargaku ora ana adat ngrayakke ulang taun. Pol-pole ya slametan neptu,
nganggo jenang lemu, sega kuning lawuh kulup karo irisan ndog godhog, aja lali
jajan pasar. Wis pokoke mak nyus ngonokae. Hlo, kok malah dadi ngomongke
slametan, ah kowe ki pancen ngawur.
Tak
buka celenganku, wow, akeh banget . Ditambahi sithik maneh kena nggo tuku BB.
Hemm.. hlo ta ngawur meneh. Dhuwit iki kanggo misi rahasia. Mengko tak
kandhani, sing sabar ta. Saiki aku lagi nata dhuwit iki ning kardus, tak
bungkus apik nganggo kertas kadho, tak wenehi pita. Aku ya wis matur karo ibu
supaya nggawe pista kejutan kanggo bapak. Ibu ya arep maringi kadho. Aja takon
apa, aku ya ra ngerti kok.
26
Januari, jam 8 bengi, wektu bapak kondur saka dinas kerja. Aku siap-siap mapag
bapak ning lawang. Swara motore wis keprungu saka ngomah. Sik ya, aja
ngomong-ngomong karo bapak. Siji, loro, telu…
“Surprise…,”
Bapak
mlongo, bubar mbukak lawang kok dikageti. Aku langsung ndhekep bapak, disusul
ibu. Bubar kuwi tumpeng sega kuning diaturke bapak. Pepak sak uba rampene.
Pancen ora nganggo roti tart, ora cocok ning ilate keluargaku. Hehe dasar ilat
Jawa.
“Sugeng
ambal warsa nggih Bapak. Moga-moga bapak tansah pinaringan keslametan dening
Gusti Allah,” ujarku, disusul ibu.
“Aamiin.
Maturnuwun nduk, iki kok ya ana-ana wae. Ulang taun, kaya cah enom,”
“Iki
akale anakmu siji kuwi hlo Pak, ayo saiki gek dipotong tumpenge, aja lali
dongane,”
Bapak
maringke kethokan tumpeng marang aku lan Ibu. Bubar kuwi dhahar bareng ning
ruang keluarga. Nganti lali yen bapak kuwi durung siram. Haha. Aku mlayu ning
kamar, njupuk kadhoku. Semana uga Ibu.
“Iki,
kanggo Bapak,”
Bapak
nerima kadho saka Ibu, peci haji werna putih, rajutane ibu dhewe. Apik banget,
bapak katon sumringah.
“Matur
nuwun ya bu, ngerti wae kesenengane bapak,” dielem ngono, pipine ibu malih
abang. Ah malah kangen-kangenan.
“Ehm..
sampun nggih, giliran kula. Bapak, niki kadho kagem bapak. Nuwun sewu yen
mboten remen,”
“Apa
iki?,” bapak penasaran, age-age dibukak. Isine nggawe kagete bapak. Semana uga
ibu. Pancen ora ana sing tak kandhani.
“Dhuwit?,”
“Nggih
Bapak,”
“Akeh
banget, nalare iki piye?,”
“Ngeten,
arta niki kula klumpukke dangune setunggal taun, jumlahe sami kaliyan arta
ingkang bapak tumbasaken rokok. Kula pengen bapak ngertos bilih setaun punika
bapak sampun nelasake arta niki ngge tumbas rokok. Kamangka kathah sanget
kebutuhan ingkang saged dibiayai kaliyan arta punika. Nuwun sewu yen bapak
mboten remen. Kula namung nggadhani panemu kados puniki,” aturku marang bapak,
ati-ati banget. Asline aku wedi sih nek bapak duka.
“Dadi,
kowe ngirit, ora tau mbecak supaya bisa nglumpukke dhuwit iki?,”
Aku
manthuk.
Bapak
ndhekep aku. Nangis. Iya nangis. Aku ora ngerti sing digalih bapak iku apa. Aku
ya gak pati ngarep yen bapak bakal mandheg anggone ngerokok. Bapak mbisiki aku,
jare dhuwit kuwi nggo aku wae, ora usah nggo bapak. Nanging aku seneng, dina iki
aku wis maringi kadho bapak sing ora kaya biasane.
Eh,
penake aku sesuk mlaku apa mbecak maneh wae ya? Apa mbonceng kowe wae? terke
aku tuku BB. Stt.. aja ngomong-ngomong bapakku lho ya? Awas hlo.
***
0 komentar: