EWUH (Dimuat di Solopos dengan Judul MANTU, 15 Agustus 2013)

22.07 Impian Nopitasari 0 Comments



Bengi iki ing omahe Karto lagi umyeg. Marni teka saka Jakarta. Marni, anak wadon ontang-antinge sing wis suwe kerja dadi pembantu rumah tangga kuwi ujug-ujug mulih, kamangka biasane yen mulih ya pas ngarepke riyaya.
Jebulane Marni mulih kuwi karana arep ana priya sing ngelamar dheweke. Cah Jakarta kana. Mulane dheweke mulih kareben njaluk restu wong tuane.
“Apa awakmu wis yakin Nduk arep omah-omah? Gek karo cah kutha sisan, ora karo jaka desa kene wae to?” Karto sajak kuwatir.
“Nggih Pak, sampun manteb. Mas Heru niku tiyang sae kok. Insya Alloh mboten neka-neka senajan dheweke tiyang kutha,” Marni nyoba ngeyakinake bapake.
“Marni kuwi wis wayahe omah-omah lho pakne, kathik kerjane ya wis suwe, wis bisa nyukupi butuhe wong tua, dadi wong tua ya mbok ndhukung anake hlo,” Srinah, ibune Marni sajak ora sarujuk karo bojone.
“Lha rencanane meh kapan calon bojomu mrene?” takone Karto maranga anake.
“Seminggu malih pak,”
***
Tenan, let seminggu ana rombongan mobil saka Jakarta. Wis jan dadi gumune wong sak desa ngonokae. Lha kepriye, pancen sesawangan kaya ngono kuwi arang ditemoni ing desane Karto sing pancen mencil. Marni pancen beja, atase prawan ndesa bisa dilamar wong Jakarta, ngono panemune tangga teparone Karto.
Keluarga loro wis padha nemtokake tanggal akad nikah lan kapan ngundhuh mantune. Pokoe teknis acara dipasrahke pihak wong wadon, keluarga besan amung manut wae. Acara ngundhuh mantu bakal diadani awal sasi iki. Dadi ya wis ora suwe maneh.
Pak Jamal, calon besane Karto pamitan mulih ing Jakarta, bakalan rene maneh telung ndina sak durunge gawe.
“Pokoe kudu sing regeng lho pakne,” ujare Srinah miwiti rembug.
“Hla mbok sing prasaja wae to bune, sing penting kan nikahane to, wis ora usah aneh-aneh,” Karto sajak ora sarujuk marang panemune bojone.
“Piye to pakne iki, awake dhewe mung nduwe anak siji, wadon, gek calon besane awake dhewe iki pengusaha sukses ing Jakarta kana, ya apa ora isin yen nduwe gawene angger-anggeran?”
“Dhuwit saka endi to bune? Apa ora eman yen dhuwit sing diklumpukke mataun-taun entek mung dienggo ura-ura?” Karto sansaya getem-getem.
“Wis lah pakne, ora usah kuatir. Dhuwite Marni karo celengan mas-masanku kae wis cukup yen mung kanggo gawe. Sampeyan manut wae karo aku,”
“Sakarepmu lah bune, ning yen ana apa-apa aku emoh nanggung,” pangancame Karto
***
Pirang-pirang ndina iki Srinah katon umyeg dhewe. Kamangka Marni, sing atase calon manten wae malah ora kaya ngono. Pancen Srinah pengen nduwe gawe mantu sing amung sepisan kuwi digawe regeng. Pokoe ewuh sepisan iki kudu digedhe-gedheke.
Srinah pengen kabeh sing ana hubungane karo nduwe gawe mantu iki sarwa nomer siji, emoh sing ecek-ecek. Ya riase, ya deklite, pranata carane, grup campursarine, penyanyine ora mung siji loro, ananging papat. Pokoe kabeh sarwa sing berkualitas.
“Apa ya ora keladhuk to bune, penyanyi kok nganti papat, mbok loro wae rak ya wis cukup,” Karto nyaruwe bojone.
“Ora pakne, arang-arang wae ana hiburan kaya ngene ning ndesane awake dhewe. Iki kesempatan kanggo awake dhewe nggo meruhi tangga-tangga yen kene ya bisa nduwe gawe gedhen-gedhenan, ora dieceni wae minangka wong kere,” Srinah puguh karo panemune.
“Rak ya ora kudu kaya ngono to bune, pengen diajeni ora kudu ngaggo sarana ewuh gedhen-gedhen, isih akeh cara liya.”
“Wis lah pakne, sampeyan yen ora sarujuk meneng wae. Iki mligi dadi urusanku, manuta wae,” Srinah ujar ngono karo nglungani.
***
Wong sak desa wis padha ngerti yen Karto ameh mantu. Ora sak baen-baene mantu. Ketitik saka repote Srinah golek ubarampe mrana-mrene. Ing endi-endi perkara Srinah arep mantu tansah dadi pacelathon.
“Eh Yu, wingi kae Srinah golek gedhang ing omahku, jare arep nduwe gawe gedhen ngono, apa bener to yen Marni entuk bojo wong sugih?” takone Rusmi, bakul gedhang, marang Sayem, tangga cedhake Srinah.
“Iya bener, wingi kae aku melu ngewangi resik-resik omahe kok. Wis jan beja tenan kae Marni, mesti kabeh ongkos nduwe gawe ditanggung calon bojone,”
“Ning apa ya ora keladhuk to Yu, atase Srinah kae ya arep diomong sugih ya ora, kahanane ya biasa wae, apa ya ora meksa ngono?”
“Hush, wis lah ora usah ngrasani tangga, awake dhewe penting yen diakon rewang ya rewang. Ora usah ngurusi liyane,”
***
Marni dipingit ing njero omah, ora oleh metu-metu karo ibune. Saktemene dheweke ya bosen dikurung kaya manuk ngeneki, ning ya piye maneh, kat mbiyen dheweke ora bisa mbantah apa sing diomong simboke.
Sakjane karepe Marni ora sreg yen diewuhke gedhen-gedhen. Pengene ya sing prasaja wae. Arep nyaruwe simboke ora wani. Ora tega ngrusak kesenengane arep nduwe gawe mantu sing mung pisan kuwi. Nanging dheweke ya sumelang perkara wragad, apa ya cukup wragad kanggo dheweke mantenan? Wis mbuh lah, Marni melu mumet.
“Marni.. awakmu rak kepengen metu ta? Ayo metu karo simbok, kowe kudu perawatan ing salon ben tambah ayu yen mantenan,”
Marni kaget. Salon? Kat kapan simboke mudheng salon-salonan? Kawit cilik Marni ora nate diajak nyalon-nyalon ngonokui. Ya mudheng salon nalika dheweke kerja ing kutha. Ning yen karo simboke, jan ora nate.
“Lha kok salon-salonan to Mbok? Marni wis cukup ngrawat awak dhewe kok, ora usah aneh-aneh,”
“Wis, kowe ora usah mbantah. Saiki gek ndang salin klambi. Tak tunggoni, aja suwe-suwe, selak  ngantri,”
Marni amung bisa ngomong “nggih”.
***
“Wah Lik Karto krungu-krungu arep mantu, kok isih macul wae?” aloke Parjan, tangga sawahe Karto.
“Hlo, apa dupeh arep mantu terus penak-penakan ning omah, yo ora ngono banget to Jan. hla sing arep ngopeni sawahku sapa jal? ” semaure Karto sak keplasan.
“Hla tak kira ya wis dicukupi karo mantu, ngono Lik. Ujare kandha calon mantune sampeyan wong sugih ngono,”
Karto sajak kurang sreg karo omongane Parjan, yen arep nesu ya ora pantes. Mula dheweke nyoba sabar, nglandhungke ususe. Wis bola-bali pitakonan ngonokui mampir ning kupinge.
“Sing sugih rak ya calon mantuku, ora aku karo bojoku. Wis ya Jan, tak macul sik, mengko gak ndang rampung-rampung yen kakean ngomong,” Karto sajak mungkasi rembug.
***
Ngarepke nduwe gawe, kabeh ubarampe wis pepak. Srinah ya tetep katon sibuk mrana-mrene, manjeri grup campursari, kandhan-kandhan karo tangga-tangga. Wis kaya politikus ameh kampanye ngonokae.
Kadhangkala Karto isin dhewe nalika kandhan-kandhan utawa ulem ing tangga-tangga, Srinah tansah ngatonake pamere yen arep nduwe mantu wong Jakarta, mulane kudu diewuhke gedhen-gedhen.
“Mbok ora usah keladhuk ngono to bune, ulem sak perlune wae, ngisin-ngisini,” Karto wis jengkel banget karo simboke Marni iki.
“Pakne iki pancen ora mudheng gengsi, ah wis to sampeyan iki kawit mbiyen senengane ngritik wae,” Srinah nyauri bojone karo mentil kacang, mbesengut.
Ora krasa, dina kuwi teka. Ewuh gedhen-gedhen sing arang ing desa kuwi kelakon tenan. Temu mantene gayeng, manten loro katon bagus lan ayu, pancen wis dhasare ngono apa karana riase sing top tenan. Dhayohe mbayu mili, wis regeng tenan pokoe. Ora lali hiburan campursari gawe ramene desa, penyanyine papat ayu kinyis-kinyis tenan, gek kenes pisan. Ora mokal yen sing nonton akeh. Sebab hiburan kaya ngono arang banget ing desane Karto sing mencil kuwi. Obsesine Srinah wis kelakon, nduwe gawe mantu gedhen-gedhen.
***
Karto karo Srinah pandeng-pandengan. Srinah sansaya serba salah. Bingung ameh njlentrehke masalah iki karo bojone.
“Piye bune, wis katog anggonmu seneng-seneng?” ujare Karto miwiti rembug.
Srinah amung meneng. Praupane anclum.
“Mau Pak Kusni mrene maneh, jare utangmu durung kok bayar. Selawase urip, aku ora nate nduwe utang semono akehe lho bune, kajaba utang sing wajar-wajar wae kanggo nyukupi kebutuhan urip,”
“Aku ora ngira lho pak yen penyanyine kae njaluk dibayar satus ewu per lagu, gek lagu sing dinyanyike akeh sisan,”
“Aku rak wis ngomong to mbiyen, penyanyi ora usah papat-papatan, yen perlu ora usah nanggap campursari barang, dikandhani kok ngeyel. Yen ngeneki sing susah ya sapa? Arep adol bengkok warisan kae? Sansaya kere awake dhewe bune bune. Iki jenenge kegedhen empyak kurang cagak!”
Srinah nangis mbeguguk. Nyesel, nanging percuma. Kabeh wis kedadean. Arep ngomong Marni ya ora tega. Saiki bocahe wis bali nyang Jakarta karo bojone. Batine Srinah mbiyen, ora apa cucul duit akeh dhisik, mengko rak ya diijoli mantune sing sugih kuwi. Pranyata?
“Selamat siang,” ana wong uluk salam. Karto kaget, banjur marani pawongan mawa sragam: polisi.
“Apa benar ini rumah Pak Karto?”
“Nggih, wonten napa nggih Pak? Madosi sinten?,” Karto guneman saambi ngewel, pancen dheweke wedi banget karo sing jenenge polisi.
Polisi kuwi njlentrehke masalahe. Dadi dheweke lagi nggoleki buronan sing jenenge Heru. Heru kuwi pancen pawongan sing seneng apus-apus. Mligine karo prawan-prawan. Soale Heru kuwi penjahat sing gaweane ngedol wanita sing meh didadekke PSK utawa diedol menyang luar negeri, istilahe saiki woman trafficking.
Karto ora bisa kumecap maneh. Pikirane suwung. Srinah nggeblak ora eling purwa duksina. Marni? Embuh piye kabare.
***

0 komentar:

SAUMPAMA KOWE BISA NGOMONG (Majalah PS, 15 Juni 2013)

06.48 Impian Nopitasari 0 Comments


Aku nesu-nesu nalika ora bisa nemokke buku sing tak goleki. Buku kuwi angel banget ditemokke amarga klebu buku sing tua, yaiku novel karangane James Heriot asesirah If Only They Could Talk. Kancaku ngomong yen novel kuwi bisa ditemokke ning perpustakaan kampus. Nanging nyatane, aku ora nemokke. Bukune lagi check-out alias lagi disilih wong.
Aku ngrasa frustasi wektu iku uga.
Aku mutuske nggoleki buku liya wektu, mungkin sesuk. Tak ajab muga-muga bukune wis dibalekke. Sirahku ngelu, aku pengen ndang mulih tinimbang dolan-dolan.
***
Perpustakaan dina iki jian rame banget. Akeh wong ing kene, sibuk karo urusane dhewe-dhewe. Aku isih ngenteni wong sing bakal mbalekke novel sing tak goleki. Ora sengaja, mripatku ngerti barang sing narik atiku,  digawa salah sijining cewek. Yuhu.. kuwi novel sing tak pengini!
“Ngapunten Mbak, novelipun sampun rampung diwaos?,” tak wani-wanike takon.
Cewek kuwi ora ngrespon, senajan kanggo mangsuli pitakonku
“Panjenengan sampun maos? Angsal kula sambut?” aku mbaleni pitakonku lan nembung novel kuwi.
Dheweke manthuk. Buku kuwi diwenehke aku banjur ninggalke aku dhewekan. Aku seneng banget oleh buku kuwi. Nanging aku rada sebel karo cewek mau. Hla ya ngapa dheweke ora gelem ngomong? Sepira ta apike swarane nganti wegah ngomong? Pancen sombong tenan.
Aku gething banget karo cewek iku senajan lagi pisan ketemu.
***
Akhire aku bisa ngrampungke tugas nganalisis novel. Aku ora seneng karo literature, utamane analisis. Huft.. jan tugas sing medeni tenan kok.
Nanging iku wis dadi konsekuensiku njupuk jurusan Bahasa Inggris.
Senajan aku ora seneng analisis, aku seneng novele. Gambarane Edensor, salah sijine desa ing Derbyshire, Inggris, nggawe aku gumun. Edensor kuwi desa paling cedhak saka Chatsworth House lan sabagean gedhe wilayahe mlebu wewengkon Dukes of Devonshire. Aku kesengsem banget karo wit-witane sing apik, bukit-bukit, kembang, lan kewane sing nengsemake. Kapan ya aku bisa rana? Amung ngimpi, mesthi wae.
Aku nemokke sak lembar kertas tekukan, ning tengah kaca novel. Hei, tibake geguritan.
Serpihan Swaraku
Iki amung seratan
Saka kenya kang sarwa dhewekan
Angel memitran
Saben parak esuk
Jago-jago padha kluruk
Aku amung bisa ndhingkluk
Ing wit-witan, akeh manuk, sajak sayuk
Sapa sing bisa dak ajak kojah?
Ya amung karo Gusti kang paring amanah

Awakku krasa kaku sabubare maca apa sing ning tanganku. Geguritane kuwi mak jleb banget. Mesti sing nggawe geguritan iki nulise nganggo perasaan sing jero banget. Humaira, pitung aksara sing katulis ing akhir geguritan kuwi. Mesti iki jeneng penggurite.
***
Aku kepethuk cewek wingi nalika aku arep mbalekke buku sing tak silih ning rak perpustakaan. Dheweke katon bingung. Jarke wae lah. Ora tak gagas.
Tanpa tak kira sakdurunge, ana tangan sing nyandhak pundakku. Aku kaget. Tibake cewek kuwi. Aduh, pengin apa sih jan-jane ki?
Dheweke nduding buku sing tak gawa, nggremeng ora jelas. Aku ora mudheng karepe. Dheweke nduding buku iki maneh karo nduding awake dhewe.
“Sampeyan pengen iki to?” takonku.
Dheweke manthuk. Buku kuwi tak wenehke. Langsung wae dibuka cepet-cepet kaca per kaca, katone lagi nggoleki samubarang sing ilang. Dheweke katon kuciwa nalika ora nemokke apa sing digoleki.
Kayake aku ngerti apa sing digoleki cewek kuwi.
“Apa iki duwekke sampeyan?” aku takon sinambi meruhke selembar kertas marang dheweke. “Aku nemu iki ning tengah kaca buku iku, ngomong-ngomong, geguritane apik,”
Dhewekke mesem karo nggremeng, “Humm…,”
“Aku ngerti jenenge sampeyan kuwi Humaira, iya to?”
“Humm…,”
“Iya, iya aku ngerti. Ora usah sampeyan omongi maneh, aku ngerti jenenge sampeyan ‘Mbak Hum’, sampeyan bisa gak ngomong sing jelas timbang nggremeng kaya ngono?”
Aku nesu amarga dheweke ora nate ngomong karo aku. Apa suarane kaya suara gagak apa piye?
Cewek kuwi mbukak bukune dhewe, nulis ukara terus diweruhke aku.
“AKU ORA BISA NGOMONG NORMAL MAS, AKU IKI BISU-TULI,”
Aku kaget, syok. Kuwi wangsulan sing ora tak karepke. Pambijiku yen dheweke kuwi sombong lan nganyelke ora bener babar blas. Aku salah.
Dhewekke mbrebes mili. Aku bingung kudu piye.
***
Aku ketemu ceweke maneh esuke, bubar insiden wingi kuwi aku pengen njaluk ngapura. Bejane aku bisa nemokke dheweke ing perpustakaan kaya biasane.
“Eh… sorry Hum, aku Firman, aku gak maksud nggawe sampeyan gak penak ati.. aku amung….,” aku ora bisa ngomong maneh.
“Gak masalah, gak sah ngerasa salah ngono, Mas J,” dheweke nulis kuwi karo mesem.
“Sampeyan wong apik Hum, Alloh nebengi sampeyan saka tembung-tembung sing ora apik, suara-suara sing elek. Panjenengane tresna sampeyan nganggo cara-Ne dhewe,” amung iki sing bisa tak ucapke.
Humaira… saumpama kowe bisa ngomong…
***

0 komentar:

DONGENGE PITIK KARO BEBEK (Kapacak ing Majalah PS 11 Mei 2013)

05.44 Impian Nopitasari 0 Comments


Dina iki dadi dina sing paling nyenengake kanggone si Blorok, amarga endhog-e siji mbaka siji padha netes. Si kuthuk kang lagi netes padha piyep-piyep nggoleki simbok’e. Kanthi rasa asih si Blorok ngarasi anak’e siji-siji.
Limang endhog wis netes, kari siji sing durung. Si Blorok setya ngenteni netese sinambi ngekep anak-anak’e liyane. Ning njero ati si Blorok mbatin, kok endhog’e sing siji durung netes, aja-aja kopyor alias ora dadi.
Ora let suwe saka pangirane si Blorok, endhog’e sing paling pungkasan iku netes. Kabeh padha nyekseni metune si “kuthuk” iku. Mak jleb, lha kok praupane beda, ora mung ulese kang beda karo anak-anak’e liyane, nanging bentuk awake uga beda, luwih gedhe saka liyane. Si “kuthuk” iku tetep nggoleki simboke, sanajan ora piyep-piyep kaya sedulure liyane.
“Mbok, kok dhewek’e beda karo wake dhewe? Rupane ala kaya ngono?,” celuluke salah sijine kuthuk.
“Iya Mbok, gek-gek ora anake simbok, aku wegah seduluran karo dheweke, aku isin, rupane elek,” kancane siji nimpali.
Blorok kang ora tega nyawang anak’e kang beda dhewe iku rumangsa keranta-ranta.
“Ayo, mrenea cah bagus anake simbok, aja ning kono wae, mundhak kanyepen,”
Si Blorok kang ora mbedakake kabeh anak’e narima si aneh kasebut. Kabeh padha golek anget ing suwalike suwiwine si Blorok, amarga dina iku pancen rampung udan.
***
Awan iki si Blorok ngajak saba anak-anak’e adoh saka kandhang. Kabeh padha dolanan samba guyon. Si Blorok bungah atine ngerti anak-anake wis padha bisa gegojegan. Ora lali diwelingke supaya ora lali mangan.
Nanging ana sesawangan kang nggawe Blorok kebak pitakonan, si Ala sajak nandang sungkawa. Dheweke ora melu dolanan karo sedulure liyane.
“Kena ngapa ta anake simbok sing bagus iki kok praupane anclum wae?,” pitakone Blorok kebak rasa tresna.
“Aku ora oleh dolanan karo sedulur kabeh, jarene aku ala, gedhe tur medeni,” wangsulane si Ala karo mbrabak.
“Wis ora usah kok lebokke ati, pancen panemu kabeh wong iku beda-beda, sing penting kita kabeh kudu nglakoni bab sing becik, ati becik iku luwih wigati tinimbang rupa,”
Krungu wejangane simboke si Ala ora sedhih maneh. Dheweke mlayu nyoba pengen melu dolanan karo liya-liyane.
Durung nganti melu dolanan, dumadakan ana swara njaluk tulung kang nggawe giris. Tibake ana salah siji anake Blorok kang kejegur blumbang. Kabeh padha ora wani nulungi kerana wedi kejegur dhewe. Blorok kang bingung ngupadi anake supaya bisa selamet amung bisa nangis gira-gira.
Ngerti sedulure ana ing bebaya, si Ala langsung njegur blumbang. Dheweke cancut taliwanda nulungi sedulure kuwi, ora mikirke bakal selamet apa ora. Dheweke kelingan welingane simboke yen urip iku kudu tansah ngelakoni kabecikan, rupa bagus utawa ala ora dadi ngapa.
Wusanane si kuthuk kang kecemplung kuwi bisa diselametke dening si Ala. Kabeh padha tetangisan seneng.
“Lho, kok si Ala bisa nglangi?” ujare salah sijining kuthuk.
Kabeh padha nggatekke si Ala kang ciblang-cibluk sajak penak anggone dolanan banyu. Gumun.
Sanajan isih gumun, nanging Blorok gagenan aweh wejangan marang anak’e kabeh.
“Dina iki bisa disekseni, dulure kowe kabeh kang kok celuk si Ala kuwi rampung nandhangi kabecikan pindha satriya. Saiki kabeh padha matur nuwun, aja mbedak-mbedakke maneh. Kabeh iki dulure dhewe,”
Krungu ngendikane simboke, kabeh kuthuk padha sadhar yen sasuwene iki padha nglakoni bab kang salah, kabeh padha njaluk ngapura lan ngucapke matur nuwun marang kadange kang mbiyene diceluk si Ala iku.
Si Ala kang seneng banget krungu pangucapke sedulur-sedulure iku langsung munggah ning ndharatan. Dheweke ngekep simbok lan dulur-dulure. Kabeh padha kekepan kebak rasa tresna asih, ora ana sing dibedhakke maneh.
Nganti sakiki si Ala ora paham kena apa dheweke bisa nglangi nanging simbok lan sedulure ora bisa. Ya mesthi wae dheweke bisa nglangi, wong sejatine dheweke iku dudu anak pitik, ananging anak bebek!
***

0 komentar: